12 Agustus 2010

Niat Puasa Versi Jawa

“Saurrrrrrr !! sauuuuur … sing dereng saur  monggo  sauuur… sa’niki mpun jam sekawan kirang limolas” unen-unen corong  langgar sebelah. Wonge wis tua pipine peot untune entek gari gusine tok, tapi nek babagan unen-unen ning corong langgar  wah jan suarane mak teng .. melbu maring kuping tengen karo kuping kiwe, suarane melbu tekan utek diterusnya maring dada gutul tekan ati .. suarane cemeter ,, kie kaki-kaki tapi nesih cemeter mbuh gemiyen pas jaman enome pernah maem apa aku juga ora ngerti, jerene sing gemiyen pernah nginum  banyu pitung rupa ples pitung sumur. 


Alhasil sing ora rubah mung suarane tok, nesih cemeter kaya pas jaman enome.. Oya jerene ganu malah pernah mbojo karo pitung gadis..pitung desa..ampuh mbok. Bareng ditelusuri jere uga anu wis keturunan, dadi suarane bisane cemeter mau memang wis turunan sekang pitung turunan, tekan udeg-udeg siwur kayane..apa canggah wareng..mbuh lah aku manda ora apal.

Wektune sauur wis teka, buktine unen-unen wong tua peot kempot mau. Jerene sunaeh njeng nabi kuwe ya kon saur..walopun mung karo wedang putih. Nah nek wis tekan kene goleti dewek bae hadise, nyong mung krungu lewat corong e wong tua peot kempot. Aja klalen kieh bagine wong sing sauur, aja klalen nek pas maem saure diniati “saur kanggo puasa” beda lo antara maen sing diniyati karo sing ora, rasane beda uga nilai pahalane ana, kaya kuwe critane. Anamaning kang sing lewih penting  lewih gawat darurat, lah lah.. seh seh ..apamaning kuwe, kaya wong wadon sing arep babaran bae koh gawat darurat.. anu apa ngomong sing genah.?? Anu kie sing lewih gawat maning, critane kan arep puasa Romadon..ya aja klalen niate,, apah? AJA KLALEN NIATE!! Niat Puasa Ramadhan, masa wong arep puasa ora nganggo niat.. nek ora niat ora sah loo.. kieh niate versi jawa 

“NIAT INGSUN PUASA NGESUK.. KANTI NEKANI FERDUNE…WULAN ROMADON IKI TAUUUN … KRONO ALLOH PANGERANE…WULAN ROMADON IKI TAUN..KRONO ALLOH PANEGRAANE..”  niate anamaning sing versi jawa nge-rap “NIAT  INGSUNG PUASA INGDALEM DINA SESUK, SASI ANEKANI FERDLUNE WULAN ROMADON,, INGADALEM TAUN IKI FARDLU KRONO ALLOH TANGALA…”  sayang banget nyong ora bisa gawe not balok, apaming NOT balok, bunder be ora bisa. Jajal takon dewek ngana maring bawor apa maring gudril ya kena, tuli paham banget kae maring dedamelan not balok.


Dadi kuwe kaya kuwe niate puasa wulan romadon neng daerahku, nek arep nganggo bahasa arab ya ora apa-apa. Tapi ya mending nganggo bahasane dewek lah…masa arep nyilih basane tanggane, ya nek pisan pindo kiye tiap taun nyilih, jal …apa ora isin..mringis jajal. Lah kie uwin bae ya guli ndabrul .. kedawan-dawan mengko malah ora apik, orak apik neng drijiku.. ket mau nulis bae.

Wis tekan kene bae Niat Puasa Ramadhan Versi Jawa ngapak, eling!! Jaga nefsune .. nefsu mangan nefsu mripat kueh, aja plirak-plirik ndelengi sing ora-ora. Muga-muga manfaat tulisanku kie.amiiin 

>>Tulisan Asline

1 komentar:

  1. Hahaha,,,jyan lucu temen deneng kuwe ana wong ngelingna nang langgar koh wong tuwa kempong perot ora nana untune mung gari gusi thok, suarane cemether maning hahaha,,,,,

    BalasHapus