1 Agustus 2010

Ndeleng Sanset

Kiye ceritane ana bocah 2(loro) sing wis batiran suwe. Sing sijine jenenge Kartim bocah asli Somakaton, Somagede, Banyumas. Nah sing sijine maning jenenge Ngadiman bocah kang Danasri, Cilacap. Ceritane, bocah loro kuwe batiran wis suwe neng perantauan. Pokoke wis kaya pasangan sejati lah,...

Kadingaren banget pas sore-sore bali kerja si Ngadiman cerita-cerita tentang "sanset" utawa sing biasa di arani suruping srengenge.

"Bro Kartim!". Jere Ngadiman karo bahasa Gaule.
"Ya, Apa Bro Ngadiman?".
"Wis tau weruh sing arane Sanset?". Kartim sing jan bocah ndesa banget bingung, Somakaton sing neng Gunung ya ora tau weruh sanset. Ya senajan ana Sanset tetep bae bingung apa kue sanset.
Nembe siki krungu sanset.
"Apa kue?. Setan apa belis?". Semaure Kartim.
"Oke, Bro. Siki aya kiye bae. Ngesuk pas dolan maring umahku, koe tek jak maring Segara ndeleng Sunset".

Nah, singkat cerita ngadiman bali ngejak Kartim dolan maring umaeh terus pada mlaku-mlaku maring Pantai Ayah.

"Ndi sing arane sanset?". Kartim sing penasaran wis ora sabar.
"Tenang Bro,.. sedela maning. Kae srengengene esih duwur".
"Lho kok Srengenge?". Kartim sing cah gunung bingung.
"sing jenenge sanset kue ya srengenge surup maring ngisor". Jawab ngadimin. "Wis,.. Koe ora bakalan ngajog lah!".

Nah pas srengenge sing di arai sanset kae mau mulai katon, bocah loro mau pada meneng kabeh. Ngadiman sing wis biasa tetep biasa bae. Beda karo Kartim sing nembe pertama ndeleng sanset.
Nah, Pas sansete wis ora ana ngadiman mareki Kartim sing esih bingung merga ndeleng sanset sing mangslup maring njero segara.

"Kepriwe, Bro. apik kan?.. wis aja nggumun.Koe neng ndesamu ya ora bakal weruh sing kaya kiye mbok". Ngadiman bangga soale due sanset neng segara.
"Bro, sing tek gumuni udu warnane sing apik karo suasane sing jere koe romantis nggo pacaran.". Jawab Kartim enteng.
"Lha,. terus apane".
"Sing tek gumuni, kae lho! srengenge sing wis tiba maring njero segara wis ana pira?.. Nek di itung saben dina srengenge sing tiba siji, siji, siji, wis ana pira ya?.. Kira-kira neng nduwur esih akeh ora setoke?"..

"???@#$&***?". ngadiman bingung pas krungu jawabane sing metu kang omongane kartim. Hahaha,.. Kartim Koplak!!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar