13 Agustus 2010

Kucinge Melu Puasa

Wulan romadon, wulan sing akeh ampunane wulan sing neng kono ana wengi sewu wengi.. wulan romadon kuwe dudu wulan biasa, wulan romadon uga wulan sing neng jerone kuwe Qur’ane wong-wong Islam detunrunaken neng bumi kiye.. dadi wulan romadon kuwe dudu wulan sembarangan,. Nek neng Qur’an ana ayat sing nyebutna bahwa wong sing taqwa kuwe wajib ngelakoni puasa neng jerone wulan romadon kiye, kurang lewieh artine kaya kiye "Wis dewajibna kanggone kowe-kowe kabeh puasa pada karo puasane wong-wong sing sedurungu kowe..."

wah ternyata mbah-mbaheh dewek gemiyen pas jamane rika durung ana pas jamane Indonesia durung terbentuk apamaning merdeka pas jamane landa nesih ireng pas jamane wong Jepang nesih bongsor-bongsor pas jamane lampu durung murub ternyata wong-wong neng ngalam dunya kuwe wis deprentah neng mahakuasa deprentah kon puasa., dewek ya pada kiye deprentah kon puasa sewulan nutug neng wulan romadon.

Ya kuwe seklentaban anu wajibe puasa neng wulan romadon bagine wong-wong sing taqwa maring mahakuasa. nah kiye wis tekan nang aring pembahasan kucingku. Iya kepriwe kabare kucingku, dadi kucingku kuwe warnane putih bersih mung ana setlarapan warna ireng neng kuping sisih tengen karo warna ireng neng sikil kiwe mandan ngisor. Nek mlaku dologan, ora gelem munggah meja apamaning menja makan uga nek nguyuh atawa ngising ora sembarangan.. nek majikane lagi maem kucinge dengan setia nunggoni kanti anteng ora meong-meong bae, paling mengko nek wis entek majikane guli maem biasane gari njaluk jatah..trus ora gengsian kucine, dalam arti dewein panganan apa bae gelem..lewih-lewih dewin gereh ya anu seneng banget ngantekan guling-guling saking senenge.

Nah kuwe mung sekilas, sikie wis melbu wulan puasa lan ternyata bin jebule kucingku kuwe bareng tak pan-pana anu melu-melu puasa pada karo majikane. Jan, kiye nembe ngerti koh.. Ana kucing saking setiane nang aring majikane dadi melu-melu puasa. Tambah sayang bae kieh karo kucinge.. Jal sekie nyong sebagai majikane apa ora isin nek mengko suatu hari ora puasa ?? walah kewan be bisa puasa masa menungsa ora puasa. heheh

Tulisan Kucinge melu puasa kiye ditujukna kanggo pengeling nyong karo kowe-kowe kabeh, gueh kewan be melu puasa apa kowe-kowe kabeh ora isin nek ora puasa. Muga-muga manfaat.amiiin.

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar