19 Agustus 2010

Wani Ngalah Luhur Wekasane

Jaman gemiyen, wong tuwa-tuwa cokan rengeng-rengeng (nembang Jawa), oniné kaya kiyé:

Dedalané guno lawan yekti,Kudu andap asor,Wani ngalah luhur wekasané,Tumungkulo yén dipun dukani,Bapang dén simpangi,Ana catur mungkur.

Laguné kepénak dirungokna. Apamaning goli rengeng-rengeng wektuné sore, suasané udan ngrecéh. Goli rengeng-rengeng karo ngemban putuné. Agi inyong esih cilik tah ora patia nggatekna isi utawa makna tembang mau kejaba suarané wong tuwa mau sing pancen kepenak derungokna.

Ning bareng Inyong maju gedhé, sok mikir, kayané ana sing kurang pas goli maknani tembang mau. Ora jumbuh utawa ora pas karo kersané sing nganggit.
Inyong pribadi nganggep, nek "lirik" tembang mau "bernuansa" Islami. Ning jalaran ana sing penafsirané ora nganggo cara Islam, mulané kasilé cokan "kontradiksi" karo cita-cita Islam rahmatan lil 'alamin.Magé jajal mayuh ditafsirna unggal baris. Inyong nafsir nganggo ngelmuku sing mung saipet, panjenengan pada mbok kagungan pinemu sing liya, sing lewis maen lan pas, nggih mangga pada urun rembug.

Jajal mayuh dipirsani:

Dedalané guna lawan yekti, ngemu teges : dadi wong angger kepéngin mupangati kanggo wong akéh lan kajén.Kudu (gelem) andap asor.Andap asor kuwe angger diteropong nganggo kacamata Islam ya kurang lewiéh tawadhu. Kenangapa tawadhu? Wong sing tawadhu kuwe ngrasa esih akeh kekurangané, mulané kanggo nggenepi kekurangané mau, banjur gelem utawa sregep ngangsu kawruh. Angger wong sing pinter, lewih seneng mbagi kawruhe maring wong sing "mara/mjaluk" kanthi andap asor. Angger wong sing angkuh, sombong, utawa takabur biasané kurang disenengi. Apa maning mbagi ilmuné, kenal bae madan bebeh.

Wani ngalah luhur wekasane

Lha baris sing siji kiyé sing cokan salah penafsiran. Dadi pengamalané ora cocog karo kersané sing nganggit tembang kiyé. Biasané ditafsirna kaya kiye: nek gelem ngalah (ora nglawan) ujaré dadi luhur wekasané. Apa iya? jajal mayuh nggolet berita nang koran. Ana kabar transmigran (jawa) sing mataun-taun ngolah tanah, asalé tanah cengkar/tandus wis dadi subur, siki kudu ngalah ninggalna tanah garapané jalaran diklaim nang penduduk asli lan dianggep tanah nenek moyangé. wong-wong mau pada njaluk lahan sekang petani transmigran. Wong jawa ngalah. terus nggelandang maring endi baé nggolet rejeki.

Lha sekang conto mau nyata nek wani ngalah, ora kuhur wekasané. Jalaran kuwe tafsiran sing luput utawa keliru. Banjur tafsir sing bener sing kaya ngapa? Tumrapé Inyong sing demaksud wani ngalah nang konteks kiye kuwe ditafsir "Wani Ing Allah. Mengko disit, aja giri-giri takon, lho deneng si wani ing Allah. Wani nang kene kuwe mangsude dudu ateges nglawan Gusti Allah, utawa ingkar, nanging wani mérek maring Allah. Taqarub. Wong nek uripé taqarub maring Allah, mesthi luhur alias ora nistha.

Tumungkulo yen dipun dukani.

Kawit jaman Inyong cilik nganti semene gedhene, nduwe penganggep, sapa sing ndukani mesthi ngemu pitutur kanggo sing didukani. Apa sebabe? Jalaran sing ndukani ngersakaken, sing didukani kelakuané lewih becik, apik, saenggo ora gawe keluputan anyar utawa mbaleni keluputan sing uwis-uwis. Tembang mau ngongkon Inyong lan panjenengan kabeh tumungkul mirengaken lan migatekaken.

Bapang dén simpangi.

Tegesé, sekabehe sing bakal ndadekna rubeda utawa konflik kudu diindari. Aja ngorobi utawa ngompori. Sebisa-bisa nggolet persamaané aja digolet perbedaané. Simpangi, ora ngemu teges pengecut, ning usaha kanggo nggolet paseduluran, dudu permusuhan.
Ana Catur Mungkur
Catur nang kene bisa mengku teges "pengendikan sing ora produktif". Ora produktif sing dimaksud kuwe bisa awujud isyu, gosip, ghibah,utawané fitnah. Umumé catur nuansane provokatif. Mulane kudu mungkur. Mungkur dudu asal mungkur, ning kudu dimaknai Tabayun utawa klarifikasi.

Mulane karo tafsir mau moga-moga Inyong lan panjenengan kabeh ora nganti keblangsak jalaran kalahan, ning sebalike mupangati tumrap wong akeh jalaran tawadhu, taqarub, seneng mirengaken pitutur sing becik, ngadohi sekabehing konflik utawa plekara sing bisa ndadekna konflik, ora doyan isyu, gosip, ghibah, apa maning fitnah.

Ewo semono, nek aturku kiye kurang bener ya nyuwun pangapurané panjenengan kabéh.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar