10 Agustus 2010

Pergeseran Budaya

Budaya tradisional sing kudune diuri-uri kalingane geseh juga nang kalangan senimane. Khususe nang bidang sing siki tek urusi, yakuwe seni lukis. Seniman siki lewih seneng gawe judul lukisane nganggo basa manca, padahal sing diangkat tema budaya tradisional. Contone bisa dideleng nangkene.

Mungkin sih maksude men keseniane dewek lewih cepet dikenal nang dunia internasional. Nek ora malah budayane dewek dadi menglobal sing akhire dadi angel menilai nek kuwe duweke dewek secara kebudayaan.


Aku malah dadi kelingan obrolanku karo Eszter Tari, seniman Hongaria sing fasih banget budayane dewek. Malah deweke tau nulis buku soal wayang sing diluncurna nang KBRI Budapest. Deweke kagum banget budaya nusantara, padahal sing dadi warga Indonesia malah wis mulai nglalena. Nek pancen kepemilikan budaya kuwe muter, nangapa dewek sok kelangan jatidiri nek lagi nyomot budayane wong lia. Padahal budaya wong lia sing dicomoti nang dewek, nang negarane esih tetep jaya.

Padahal nek gelem nyinauni mitologi spritual Jawa, kudune awake dewek bangga, soale akeh pandangan-pandangan sing nyebutna nek budaya Jawa kuwe termasuk budaya sing paling tua nang alam dunya. Mitos lokal sing berkembang ndeyan bisa dideleng nang larangan wong wadon Jawa kawin karo wong lanang Sunda. Alesane wong Jawa kuwe lewih tuwa timbang wong Sunda. Lewih jelase bisa dewaca nangkene.

Nyinauni filosofi Jawa pancen rumite ora etung. Mulane aku mikir, konsep spiritual Jawa dianggep paling tua ana benere. Nek dikaitna karo mitos kebudayaan kuna sing canggih, aku kurang setuju karo pendapate Prof. Santos sing nyebutna nek Atlantis kuwe anane nang Indonesia (Sundaland). Menurutku malah lewih cocok nek Lemuria sing kemajuane lewih akeh nang bidang spiritual kaya wong Jawa. Nek Atlantis kan lewih maju nang bidang teknologi.

Conto liane misale kepercayaan lia nang dunya yang duwe kemiripan trus dibumboni mitos. Kaya kaum brahmi kang lembah Indus teka meng Jawa go dagang sisan sinau ilmu kejawen trus digawa bali meng India, berkembang dadi agama hindu. Padmasmbhava alias guru Rinpoche jerene tau sinau nang Jawa seurunge lunga meng Tibet go ngembangna Budhha Tantrayana. Trus ana Athisa (Tsongkhapa) sing uga sinau meng Jawa sedurunge bali meng Tibet ngembangna aliran Gelugpa, alirane Dalai Lama. Trus nang kepercayaane kaum Yahudi sing termasuk agama paling tua, nang buku Kaballa disebutna nek ana kepercayaan sing lewih tua timbang Kaballa, yakuwe Kedjawen.

Sing paling kenthel ndeyan konsep sedulur papat kelima pancer. Pancen kepercayaan lia akeh sing ngaku duwe konsepe. Tapi sing pembabarane paling komplit anane nang ajaran agama Jawa purba. Mangga direnungna, apa dewek esih bisa nyimpulna nek budaya Jawa kuwe terbentuke sekang budaya pendatang..?

Nek ndeleng basa Sansekerta, akeh banget kemiripan karo kosa kata basa Jawa purba sing bisa diidentikna karo basa ngapak. Basa ngapak karo sansekerta duwe fungsi sing pada didadekna basa resmi negara alias basa persatuan. Mulane aku wani ngomong nek basa ngapak kuwe induk sekang kabehan cabang basa Jawa sing siki berkembang. Nuktine sekabehe cabang basa Jawa mesti ngerti lan nduweni basa ngoko. Basa wetanan sing ngrubah lafal A dadi O metune mbarengi jaman Mataram Islam. Kiye bisa dideleng sekang Sultan Pajang nyebut awake dewek Sutawijaya, ora Sutowijoyo kaya wong Jogja siki nyebute. Apa maning nek ndeleng basa ngapak Banten lor sing penuture pada nyebute basa sunda karuhun. Ora salah kayane nek disebutna basa sunda uga asale sekang basa ngapak.

Pergesera bahasa pancen gampang banget soale kebiasaan masyarakat nusantara sing gampang menyerap budaya lia. Deleng bae mlebune agama Hindu, Buddha, Islam jaman ganu sing bisa mlebu secara damai ora nganggo perang kaya nang benua kulon. Faktor liane, wonge dewek pancen kurang well documented. Ora seneng nulis tur lewih seneng nganggo basa lisan. Mulane ora salah nek crita budaya sing turun temurun meng anak putu mesti ngalami degradasi kena pengaruh budaya lia sing mlebu. Kaya crita wayang sing asline nang India ora ana sing jenenge bawor, tekan dewek siki dadi ana. Kuwe be esih geseh, nek nang banyumas bawor anak paling tua, tapi nek nang wetan anak ragil.

Catetan-catetan kebudayaan mulai dilakoni pas jamane Mataram Islam nang Jogja sing mandan kenthel pengaruh budaya feodal. Mulane wajar nek akeh sing nganggep budaya Jawa jogja Solo lewih berbudaya timbang masyarakat pinggiran penutur ngapak sing sejatine lewih tua umur budayane.

Paraeh maning, sistem dokumentasine dewek pancen ket mbiyen kurang sip. Mulane akeh catetan budaya sing pada ngungsi meng luar negri dinggo hadiah apa rampasan perang. Nganti kancaku sing arep gawe tesis S3 soal budaya Jawa, malah kudu lunga meng musium Leiden go golet bahan penelitian.

Sedih pancen nek ndeleng kenyataan kaya kuwe. Tapi menurutku kuwe esih lewih apik timbang catetan budaya disimpen nang musiume dewek. Menungsa Indonesia pancen pada bobrok, lewih mentingna wetenge dewek timbang warisan budaya ninine. Contone kaya sing nang musium Radya Pustaka Solo. Bisa-bisane pengurus musium malah nyolong koleksi go didol meng kolektor barang antik. Bejad...!

Mulane aku mikir, mbesuk-mbesuk dewek wis raduwe apa-apa sing bisa dibanggakna sebagai bangsa sing jere budayane adiluhung. Bisa dadi nek pengin sinau wayang, malah kudu lunga meng Hongaria.

Aja nganggep pemikiranku kiye terlalu mendramatisir kahanan. Mental sebagian masyarakate dewek pancen kaya kuwe. Esih isin ngakoni duweke dewek. Sing paling gampang kuwe sepatu produksi Cibaduyut sing didol murah meng Singapore. Nangkana diganti label trus didol maning meng Indonesia, regane wis tikel ping pira. Koh sing tuku gelem bae kaya ora duwe utek.

Kapan dewek arep mulai nglestarikna budayane dewek, minimal mulai kan awake dewek-dewek. Apa malah wis pada siap-siap kelangan jati diri bangsa nang masa depan..?

1 komentar:

  1. Lah jan, medeni temen kuwe lik ... nyong melu priyatin lah nek kaya kuwe... kie mulai sekie nyong postingane kayane sebagian nganggo logat ngapak lah.. priatin nek basane dewek ilang... salam blogger ...

    BalasHapus