13 Agustus 2010

Dela Maning Puasa

Kanca-kancaku kabeh, kie postingane nganggo logat ngapak.. sekali-kali lah nganggo bahasane dewek. Ibarate wong masa arep nganggo bahasa Indonesia terus, mbok keju lambene.. ngrusak neng ilat juga ora apik neng  abab..wuakaka Ya sekali-kali lah nganggo logat ngapak. Terserah arep nile apik ya kena, arep nile elek ya silakan saja. sing penting kowe-kowe kabeh pada seneng.huwa hua

Alhamdulillah kie delamaning puasa, iya puasa romadon. kowe-kowe kabeh wis pada  sarapan durung ? eh salah, wis pada persiapan apa durung koh ? persiapan arep nglelakoni (awas!! ejaane aja salah :D huruf O dueudeganti E His!! saru) arep ngelakoni puasa? pokoke tersesah sing penting mengko pas wulan puasa kowe-kowe kabeh pada puasa awane,  mbengine pada traweh pada nderes.. kuwe mung saran kanggo pengeling awaku dewek juga karo pengeling kowe-kowe kabeh.

Delamaning puasa,
tapi apa si ya sing kurang ? tek pikar pikir, jane apa si ya sing kurang ngalor ngidul ngetan ngulon jane ana sing ketriwal.. tapi ya durung ketemu-ketemu sing ketriwal kuwe apa koh ..  Oooya .. bareng awan-awan pas turu neng kos ternyata aku ngimpi ana keranda kosong, sing kerandane kuwe mau anu ana neng jaba ruangan. ngerti keranda ora, kae loh kerandane wong mati. Iya.. ketemu siki.. jebulno nyong kie durung niliki ramane.. iya ramaku wis almarhum. dadi nyong sebagai anak durung niliki  ramane neng kuburan, Krasa banget koh nek anu arep melbu wulan puasa nek anake apa putune durung pada niliki kuburane ramane.. kayane ana sing kurang gitu loh .. jan kie wis kangen banget koh kepengin ketemu karo ramane neng kuburan. Kepengin ngresiki lah.. hmmm dadi intine ngimpine diweruih keranda kuwe nyong anu kon niliki kuburane ramane kayane lah.

Semene bae postingane, mbok ana carag curuge neng kata-katane nyong njaluk ngapurane maring rika kabeh.. ya rika kabeh mbuh sing neng alam manusia atawa sing neng alam halus.. (ehh mbok menawane ana blogger sekang bangsa JIN. hiks)

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar