25 Agustus 2010

Nggolet Beras Angel

Mbawon Pari Angel-angel di Lakoni

Giye nang desaku, nek jamane panen pari arep mbawon mesti rebutan. Masalaeh sing jenengane penggawean nang ndesa guwe angel banget. Nek wis tiba mangsan panen pari, berarti penggawean pirang-pirang. Penggawean sing ora kenal jenis pendidikan, sing penting rosa ya ulih akeh.


Padahal mbawon guwe udu kerjaan sing mayar, kerjaan sing udu dikerjakna nang ruangan, njegong nang kursi empuk, andamaning ana pendingine. Mbawon utawa kerja ngunduhna parine wong liya guwe kerjaan sing dilakoni nang sawah, panasan, kotor, gatel, lah jan pokoke rekasa lah. Andamaning nek pas musim panen rendheng utawa panen mangsan udan, wis banyune jero, parine pada rubuh, terus nek nyonggah dalane ya lunyu, mbeluk, metek pisan.

Tapi nek mangsan panen sadon, biasane panen kepindo kanggo sawah sing ora ngendelna irigasi, guwe mandan mendingan. Sawaeh gere, parine esih ngadeg ora rubuh, dalane sing nggo nyonggah ya kepenak. Tapi masalaeh nek mbawon nang mangsa sadon guwe pada rebutan. Sing marakna nggole mbawon rebutan guwe antarane:


  • Ora kabeh sawah bisa panen, dadi kesempatan nggo mbawon lewih sethithik.
  • Lewih kepenak kahanane, kayatha sawaeh garing, dalane kepenak, dadi sing maune ora gelem mbawon dadi gelem mawon
  • Biasane bar mangsan panen terus sawaeh garing nganthi pirang-pirang wulan, dadi nek ora duwe simpenan pari akeh bisa-bisa kenthongan beras tekane mangsan mbawon maning.
  • Rega pari panenan sadon lewih larang ketimbang panenan rendheng. Sebabe nek pari rendeng guwe wite rubuh terus ke kum banyu, dadi berase mandan ora patia apik.

Aku mbiyen jamane esih sekolah sering melu mbawon. Jan rekasa pisan. Aku melu mbawon nang sawah sing mandan adoh sekang dalan utama (dalan sing bisa diliwati pit). Ya biasa, nggole ngarit rebutan, malah nganthi saking buru-burune men cepet ulih akeh malah tangane keperang arit. Bar rampung ngarit, terus hasil aritane ditumpuk dadi siji, dipangguli tuk segulung. Wujude esih wit pari separine.

panen-padi.jpgKadang ya engkel-engkelan rebutan hasil aritan, biasane dialami nang pembawon amatir, nek sing pembawon mahir mah ana kodene dewek-dewek. Misale rit-ritanku mujur ngalor, terus sing nang sandingku mujur ngidul utawa ngetan. Basa hasil rit-ritane wis dikumpulna dadi siji terus digedig. Gedig guwe artine ngerontokaken pari sekang wite, alat-alat sing diperlukna tenda, bagreg, karo kandhi. Nek mangsan rendeng, kudu gawe papan nggo nggelar tenda gisit men parine ora kenang banyu.

Wis rampung gedhig tersus parine diwadaih kandhi. Sekandhi biasane amot 40-50 kilo pari. Terus parine digawa meng ndalan sing bisa diliwati karo pit. Nggole nggawa meng nggili dipanggul ngliwati galengan sing lunyu, malah sampe nyebur-nyebur banyu sing jerone kadang sewudel.

Tekan ndalan, kandhine di tumpakna pit terus dijujugna nanggone wong sing duwe pari, utawa diarani nyonggah. Umaeh wong sing duwe pari padahal adoh, bisa luwih sekang 2 kilometer. Terus nang kana parine ditimbang, nembe dibawoni. Dibawoni maksude wong sing mbawon diwei upah sing wujude pari. Gedene bawon guwe 1/6 bagian. Dadi nek bisa ngunduhna pari 60 kilo, upaeh 10 kilo. Wong sing rosa sedina bisa manen tekan sekintal. Berarti upaeh 16,6 kilo. Nek sing duwe sawah mule gelem diimbuih 2 kilo, dadi 18,6 kilo.

Guwe esih wujud pari teles, mengko nek wis di garingna paling dadi 14kiloan. Nek rega pari siki sekintal Rp 250.000 berarti sedina setara karo Rp 35.000. Guwe wis termasuk rosa. Padahal si jenenge mbawon guwe ora diwei wedang andamaning madang. Nek digawe beras, pari garing sing bagus 10 kilone bisa dadi 7 kilo beras.

Nek ngemuti mbawone tah rekasa banget, tapi basa wis dadi sega, kadang madang bisa sampe ora enteng koh, kadang ya nelangsa ndelengna sega di sia-sia. Malah jere nek nang kota, etika madange malah kon aja dientekna, jere nek madange dientokna ketone kaya wong agi kencoten. Jan wong kota, ngertine wis dadi beras, njajal kon mbawon kayane klenger luh.

>>Tulisan Asline

2 komentar:

  1. Lumayan, crita pengalaman jaman gemiyen lagi esih cilik ya,,,

    BalasHapus
  2. ya begitulah rekasane dadi tukang mbawon kaya aku kiye contone. ijin tek bagi-bagi y kang..Ksuwun

    BalasHapus