31 Agustus 2010

Basa Kuwe Ora Ana sing Blaka

Pancen wis dadi kodrate bahasa mungkin yah, nek bahasa kuwe slalune berkembang. Ora mandeg kaya kuwe-kuwee bae (merga ora ana stasiune ndean). Kabeh-kabeh nyesuwekna karo jamane. Mulane kadang sok ngguyu bareng (ora dewekan) nek krungu basa-basa jaman cilik ketone koh kunoo banget. Contohe kaya basa blijing nek wuda klambi, lamuk lan lia-liane. Basa-basa kuwe anu wis jarang dinggo nang bocah siki mbok, mulane sok dadi keton kuno, tur mreguyokna.

BTG (Bocah Tembe Gede) jaman siki ya nduwe basa dewek maning. Jere basa gaul. Ana basa preet lah, ana kasian deh loh lah, meneketehe lah, pokoke akeh lah. Aku dewek sok bingug maca sms se ponakane sing SMP, ndadak di campuri angka. Huruf A mendadak dadi an9ka p4p4t. Tur huruf gedene mbarang pada nang tenGah, ana sing nanG mbuR1. Blas ora nganggo tata bahasa. Padahal ujarku ya nang sekolah di blajari Tata Bahasa. Plothat plathit ra nggenah lah pokoke. Nek di protes ya malah madani om-me ra gaul. jyaaan...

Apa mungkin basa kuwe ana hubungane karo selera yah. Sing mangane pizza, roti campur keju, nginume bir ya lambene ndadak dadi lambe artis. "Kamyu cinca akyu cidak sih cin," halaah. Sing mangane kangkung karo dages nek ngomong kaya kuwe jejek sisan ngeneh. Nek artis sisan sih ra papa, asal ora brocek bae, ora lambene ya anu-ne. Tangane maksude.

Dadi sejatine bahasa kuwe anu kerpiwe jane. Nangapa ndadak brubah mbarang, tur kaya nduweni tingkatan. Padahal fungsine maune mestine ya pada bae "nggo alat komunikasi". Tapi nangapa nang basa jawa ana basa kromo, madyo lan ngoko. Nang basa Indonesia ha ya ujarku tetep mbedak-mbedakna lah. Njajal rika ngomong meng SBY nek pas teka meng daerahe rika, "kamu datang kapan sus" mesti susilo langsung mrengut, mbesengut, mungkin malah bisa mrebesmili mbarang karo mbatin "La kowe sapa nyong sapa".

Siki tek njajal crita basa jawa sit, sing genah-genah ana tingkatane jal. Jere maune nang basa jawa kuwe ya ora ana tingkatan basa kromo, madyo lan ngoko. Tapi ijig-ijig Sultan Agung, raja mataram jaman semono ndadak polah gawe basa kromo. Jere nek basa kromo kuwe basa sing go pranti pertemuan resmi, go wong cilik nek ngomong karo pejabat, bocah cilik ngomong karo wong tua, ngomong karo wong sing urung dikenal, intine ya go ngomong sing sopan-sopan. mawi ora kena di campur-campur kaya bajigur. contoh nek ngomong "monggo patil" ya wagu, " cocote sing genah goli ngendika" ya wagu juga.

Nah perubahan kuwe ana hubungane karo tujuan politik jereee. Salah sijine men hubungan raja karo rakyat biasa kuwe ana jarake. Men keton agung, bisa sombong. Ya kuwe lah, go melanggengkan kasta, nglanggengna kekuasaan. Dadi basa kuwe kadang di ciptaka go tujuan arep nguntungna sapa. Dadi ora blaka lah intine (ngerti blaka ora). Alias ana urang nang walike wedi.

Nah nek jaman siki ya ngerti dewek mbok, kepentingane tipi, kepentingane prusahaan gede, lan kepentingan liane sing kudu di goleti dewek-dewek. Soale kabeh mau tergantung karo jejeg-ge. tergantung karo konteke lah. Mulane basa siki akeh sing di pateni. Kaya dialek "Pusiiiiiing" di pateni nang Pegi Melati Sukma.

Trus nek basa banyumasan piwe? ana sing ngomong jere anu go modal mbrontak. Basa pembrontakan. Maksude ndean nek mangan tahu brontak karo basa ngapak kuwe lewih enak, Apa maning nek mangane nang Baturaden. Sisan matilna weduush....

Jyaaaan.....

>>>Tulisan Asline

2 komentar: