1 September 2010

Ngapak Mlayu

Njajal nulis nganggo bahasane dewek ternyata angele pol.  Padahal bahasa ngapak kuwe bahasa sing tek rungokna kit mbene loer kayane luh.  Kawit bayi mestine aku ngomonge ya ngapak, wong nek nang ngumah karo mamake, bapake, binyunge (niniku tek sambat biyung), kakine, mamange, lan tanggane ya ngomonge ngapak.  Mbien nek meng warung la mbene nganggo bahasa mlayu (bahasa palembangan), meng pasar ya kudu bahasa mlayu, tapi jajal siki...ora kur warung thok, meng pasar beh nganggo bahasa ngapak wis ora bakal salah jujulane (beda nek jujulane dikorupsi lo ya)

Terus nek ana sing takon, la ngapake ndi sih, koh pernaeh tekan tangga tanggane wong ngapak.  Lah kuwe...aku kiye ngerti sing jenengane jawane dewek mbasa wis umur 20 tahun.  Jal...apa ana sing nyangka, nek nang pedalaman sumatra kiye akeh wong ngapak.  Korbane program orde baru, dadi ya wong ngapak wis nyebar kaya uyah nang endi bae.

Nang desaku kuwe, kowe tengen, karo ngarepan ya wong ngapak.  La burine wong apa???anu umahku nang pinggir desa ya tanggane langsung karo penduduk asline, alias wong  mlayu.  Dadi aja gumun, nek generasi ngapak nang kono kiye istilaeh multilingual, bahasa ngapak lancar, ngomong mlayu ya pinter.  Mulane ana celukan ngapak mlayu .

Wis udu rahasia, nek nang endi endi bahasa kuwe ngalami asimilasi.  Tapi bahasa dadi mendominasi juga kasus sing biasa.  Men jere wong urip nang prantauan, tapi bahasa ngapak wis dadi bahasa penting.  Misale, wong padang sing dodol nang pasar senen ya kudu ngerti jawa ngapak, la wong akeh wong tua ora bisa bahasa mlayu blas.  Wong upang sing tukang adol iwak ya kudu ngerti bahasa ngapak, la kepriwe arep ngregani urang nek sing tuku ya ngapake njeplak.  Ana maning, tekan wong mbali karo wong bandek ya kudu bisa ngapak, la sapa sing tahan, tanggane kiwe tengen , ngalor ngidul, ngetan ngulon wong ngapak kabeh.

Sing nelangsani kuwi, ana siji loro tapi koh suwe suwe mandan akeh, bocah wingi sore atawa wong sing mbene mulai mranto.  Mbene mranto 3 wulan bali koh kelalen bahasa ngapak jan....ngomong karo ninine ya dadi nganggo bahasa mlayu, mbok ya men ora bisa basa alus, ngomong ngapak ya ora salah mbok, asal ngomonge aja karo mbeker mbeker.

Balik meng ngapak mlayu lah, pokoke aja kaget nek nang dermaga spibut (speed boat), ngomong ngapak mesti supire pada ngerti.  Lha nek nang pasar 16 ngomong ngapak nang ngarep toko emas ya, bakule pada ngerti, tekan nang pasar ayam mbarang aja kaget, bakule transaksi bahasa ngapak lho.  Cuman ya kuwe siji, preman pasare asih urung bisa bahasa ngapak, bisane kur madani karo bahasa ngapak.   Asem genah...

La siki kepriwe cerita nek sing wong ngapak pada dadian karo wong mlayu..lah anake ya asih pinter ngapak.  Malah due nilai tambah, nek wong ngapak kan terkenale nang nggonku kur pinter tani, la sing blasteran malah tanine jago, nggolet iwake pinter, mrahu nyebrang musi cepet, ngelangi ya apa maning.  Selain kuwe dadi ayu ayu karo ngganteng ngganteng , dadi pada pinter dandan, buktine cilik cilik lambene wis pada abang. . Mulane aku milih wong mlayu kang lor udu wong ngapak, soale wong ngapak langka sing gelem sih lah....engko delengna, mesti anak anakku pinter ngomong minimal 3 bahasa, ngapak, batak, endonesia, ditambah engko bahasa tambahan nek wis sekolah...tapi ya misi liane sekalian asimilasi, men wong ngapak makin pinter pinter.

Dadi nek krungu istilah ngapak mlayu, kuwe udu ngomong ngapak terus mlayu ya...kuwe anu kur istilaeh wong ngapak sing urip nang plembang coret, sing tanggane akeh wong mlayu tapi nek mbarang gawe ya nangga pe janeng ( jal ana sing kemutan ora, janeng kuwe hiburan apa)

wis lah....bingung arep nulis apa maning...

putnot :
wong mlayu kuwe sebutan nggo penduduk asli nang daerah transmigrasi kabupaten Banyuasin, sum-sel.

>>Tulisan Asline

2 komentar:

  1. Ya lumangyan,,,wis crita kahanan nang prantoan,,,

    BalasHapus
  2. Jan kuwe tah bener loh,.. inyong be mandan angel nek nulis basane dhewek,..

    BalasHapus