18 September 2010

Plesir Meng Cipendok Malah Tiba Njurang

Banyumas - Niate arep plesir dalam rangka badanan, rombongan remaja mesjid desa Tambaksogra, Kecamatan Sumbang, Kabupaten Banyumas kerungkeb nang Karangtengah, Cilongok dina Kemis winginane tanggal 16 September 2010. Arep dipaido genah anu lagi badan. Ora dipaido anu ngapa-apane ora etungan. Masa kolbak dimuati wong 35, padahal anu arep maring Curug Cipendok sing dalane manjate meh kebangeten.

Karno, korban sing slamet nyritakna. Mangkate sih ngeslem. Mbasan bali rime ndilalah blong, mobil ora bisa dikendalikna nganti bablas meng jurang sing jerone 5 meter. Penumpange ana sing katut nang mobil ana sing pada gigal.

Alhamdulillaeh, kang 35 penumpang apes kuwe, ora ana sing mati. Sing luka wong 16 langsung digawa meng RSUD Ajibarang. Sing loro kondisine kritis anu kurugan mobil, nek liyane kur luka biasa karo balunge pada tuklek. Sebagian korban esih dirawat nang rumah sakit. Keluargane wis pada teka, malah ana sing wis bali maning.

Supire sing jenenge Nono (34) esih diperiksa Pulisi sing nyelidiki sebab kecelakaan mau. Pokoke ya siyap-siyap bae, No. Mobile jungkir urusan pulisi. Ora nteng jaran sisan kandange be untung...


1 komentar: