18 September 2010

Maling Batubara Nekat Nyebur Laut

Cilacap – Maling sing lagi nyolong ( maling ya lagi nyolong lah, nek lagi ngaji jenenge insap ) batubara nang tongkang sing arep meng PLTU Karangkandri kewenangan nang Satpolair Cilacap. Sing loro bisa kecekel, sing siji nekat nyebur meng laut. Maling nekat sing jenenge Supriman (27) kuwe warga dalan Karangsuci RT 7 RW 9 Donan, Cilacap.

Petugas Satpol Air Cilacap dingaren koh gelem klinthung meng tengah laut mbuh nggoleti apa padahal tengah wengi wis meh isuk, malem jemuah maning. Weruh ana wong telu lagi pecicilan nang nduwur tongkang terus digrebeg. Sing loro langsung pasrah didemek, sing siji nekat mlumpat meng laut. Maling nek maling oon ya kaya kuwe. Ujar-ujare nek urusan pulisi mesti mlebu penjara ndeyan, dadine kamigilan ngasi go goletan.

Mbuh saking primpene goli umpetan apa anu ora bisa ngelangi. Sing genah nganti siki urung ketemu. Padahal wis digoleti rame-rame karo petugas SAR Wijayakusuma, RAPI karo nelayan, jere pak komendan Satpol Air, AKP Sugeng Hartono.

Wis ayuh pada ndongakna men gagian ketemu. Nyolong sepira ora enggane kudu tekan pati. Jajal nek sing mati ketua dewan karo pejabat sing pada korupsi, jian lillahitangala temenan. suer...




Tidak ada komentar:

Posting Komentar