18 September 2010

Jembatan Petir Kegawa Banjir

Banjarnegara - Jembatan nang Dukuh Sembir, Desa Petir, Kecamatan Purwonegoro ambruk ketabrak banjir sekang kali Lebak Menak. Padahal jembatan sing mbangune dibiayani PNPM Mandiri nembe rampung 25%. Jembatan sing nyambungna Dusun Krinjing wis ngentekna duit Rp 39 juta sekang total anggaran Rp 147 juta. Buis beton alias gorong-gorong limang iji katut kegawa banyu. Material watu karo wedi ya pada ilang.

Ketua tim pengelola kegiatan (TPK) Desa Petir, Khadirin, wingi  (17/9) ngomong nek desain jembatane arep derubah men ora ambruk kenang banjir maning. Maune desaine nganggo jenis limpas banjir. Trus rencanane arep deganti dadi tipe jonggol. Desain limpas banjir nganggo gorong-gorong pancen gampang dadi penyakit. Nek mampet wujude malah persis bendungan.

Gara-gara pondasi jembatan sing ilang, penduduk sing arep liwat dadi kangelan. Jaman urung dibangun malah jerene gampang dinggo nyabrang. Siki kondisine dadi ragenah akeh logakan sing ketutup banyu. Arep ngelangi ya angel wong nyabrange nggawa montor apa mobil. Masa ngelangi karo manggul montor.

Kasubag Pengendali dan Pengawasan Kegiatan nang Bagian Pembangunan Setda Banjarnegara, Yogo Pramono wis prentah meng pengelolane kon gagian laporan masalah kerusakane. Mena kalebu force majoure, tetep bae kudu diitung. Sing penting ngitunge sing temenan ya, pak. Aja ana sing mlebungesak.

3 komentar:

  1. nah kue arsiteke anu kang ndi sih ya?..

    BalasHapus
  2. Sing nulis berita kiye empere ora nganggo "chek and rechek". Pancen jembatan sing nang kana ambrol, tapi sing ambrol jembatan lawas, dudu jembatan sing dibiayai nganggo duit PNPM. Cobanen deleng foto kuwi, sing ambrol sisih ngisor (jembatan lawas), dene pondasi jembatan sing sekang PNPM isih wutuh.. tuh. Sing ilang buis betone, cacahe 25 iji. Pasir karo watu ora ilang kabeh, mung ketutup neng ngarep pondasi.
    Mulo bukane dirancang nganggo jembatan banjir limpas (dudu limpas banjir Kang)awit informasi sekang masyarakat ora lengkap.
    Terus, duit 39 juta kuwi mau durung kabeh dicakne nang jembatan, isih akeh sing isih disimpen panggonane salah sawijine wargo kono, awujud semen, watu lan pasir. Semene kurang luwih isih ana 137 zak, isih wutuh .. tuh. Wis krungu khabar urung, semen iki nembe dino wingi (jumat, 15 Okt)konangan didol sawijining pelaku/panitia desa Petir. Siki uwonge nembe diinepke neng Sel Polsek Purwanegara.

    Ngapuro, basa jawaku ora kaya wong Banjarnegara, pancen aku ora asli Banjarnegara.

    BalasHapus