21 September 2010

Lucu Tur Saru

Suluh kuwe tekan siki esih tetep kanggo nggawe walopun pemerentah wis nganakna konversi minyak tanah meng gas, tapi masyarakat pedesaan ya esih tetep bae akeh sing migunakaken suluh lewih lewih nek lagi nduwei gawe mbuh nggo slametan apa mbarang nggawe alias hajatan

Winginane pas nggone kaki Kodir mbarang nggawe nyepiti anak lanange uga ngganggo suluh, mulane ngantek ana kejadian sing lucu tapi ya mandan saru.

Nek wong njawa kan esih nganggo prinsip bebrayan, dadi seumpamane tanggane nduweni perlu ( mbarang nggawe ) ya tangga tanggane pada rewang. Pas kaki kodir mbarang nggawe nini Jaemah tanggane melu rewang, lha deweke kebagenan dadi padang ( tukang liwet) sing manggone mesthi neng sanding pawon.

Jenenge be rewang mesthine ya nganggo sandangane sing mandan petha, nini Jaemah nganggo rok sing dawa, saking landunge nek mlaku roke be ngantek kangsrah lemah.

Wis dadi kebiasaane wong wedon neng endi-endi nek pethuk ya mesthi bae ngecebrek pada dopokan ngrasani wong liya, wong nini jaemah maning ora patut wong tau diaruih wong kon aja seneng ngrasani eleke wong liya malah semaur ''lha kon priwe? Pa enggane ngrasani cemendil wedus? Ya nganah kowe bae nek doyan'' mbok kasus nek kaya kuwe carane.

Wong genah-genah liwet be nganggo suluh malah nini Jaemah ketungkul dopokan bae karo nini Giyem trus nini Sikem, dadi klalen sulueh ora di segok-segok ( disurung lebokna pawon) sidane genine mulap-mulap, nini jaemah ndopok bae ora krasa lamona roke sing kangsrah lemah kesumed.

"Yuu yuu kuwe roke rika murup" Nini sikem nyidokna.
"Aduh..tulung tulung"

Nini Jaemah panik mlayu mentu mengarepan, tamu sing agi pada mangan karo jagongan ya sidane pada ngadeg ngrubung, dadi ra nggenah butueh. Giran (putune) sing lagi rewang teka langsung nulungi, jenenge be keadaan darurat ora mikir werna-werna penting ninine kuwe slamet, langsung bae disebrot roke. Lha mbok kasus kuwe, nini-nini enggane cawetan thok di rubung wong pirang pirang, ngisin-ngisinaken banget butueh.

Bojone nini Jaemah sing lagi leyeh-leyeh nengumah krungu, melu bae gisus penasaran ''anu ana apa rame-rame jane'' mbatine kaki Supin, jane kaki Supin kuwe anu mung sarungan thok tapi berhubung penasaran mlayu bae mereki.

"Ana apa yah Ran rame temen?" kaki Supin takon meng putune.
"Oalah jan rika deng sarungan thok? Wis siraeh gundul kaya kuwe, sarungan thok maning, kaya maling bae luh"
"Set, bocah mbajug rengan, ditakoni malah madha"
"Kae ninine cawetan thok,miki roke kobar, kuwe sarunge ngeneh ki nggo nutupi ninine"
"Anu, e, anu kae Ran.." Kaki supin ngomong karo bingung.
"Jann..ana anu ana anu apa jane? Kesuwen ngeneh"

Giran nyebrot sarunge kakine, genah ditakoni kesuwen sih, dadi ora sranta.
"Huseeet !! Rika lelewane, deng malah gobal-gabel ki?"
"Oooooo, digilmu wong nyong kathokan ora malah, Putu saru rengan"
"Ngomong ya ki.."

Lha priwe arep ngomong, masa iya neng ramean ngomong nek ra kathokan. Sidane kaki Supin mlayu nuju umaeh, ra ngurusi sarung sing kadung dilorod putune. Wong sing ana neng kono pada nguyu lata-lata, ndeleng kaki Supin sing mlayu, siraeh gundul kaya thuyul kawak sing ora kathokan.

Sidik nurohim

>>Tulisan Asline

4 komentar:

  1. hahahahaha,.. gobal gabel kaya lele metu kang banyu,..

    BalasHapus
  2. oalah kasus kasus...
    lucu pisan yakin

    BalasHapus
  3. wakakaka.... Jaand... ana2 bae lah....
    ngguyu geget pisan.....
    tek share nang fesbuk yaa... ben tangga2ne kon pada maca... ahahahahaha.......

    BalasHapus