30 September 2010

Rika Aja Kaya Kuwe

Kepriben kiye? Dening malah dadi kaya kiye? Enggane urip koh tek rasakna rekasa temen yah. Kiye inyonge lagi ngalami nasib kaya Srinthil. Wes petang dina sekang tanggal 17 tapi bose inyong koh meneng baen. Dening apa ora krasa nek babune kiye duwite wes entong brontong? Sedolar be langka. Padahal kiye wes metu kukule, mertandhakna nek wes cedhak karo masa menstruasi. Kiye kepriben arepe tuku soptek? Ora lucu nek trus nganggo anduk sing disuwek-suwek ngana kae gawe sumpel. Isin mbok, inyonge kiye babu sing paling ayu bin ndableg wal ngeyelan sak-Hong Kong.

Inyong nglamun baen sedina kiye, eh malah sekang wingi wes ngelamun baen. Ora teyeng kerja, rasane bebeh temen. Mikirna gajih, kukul, menstruasi lan soptek. Simboke inyong ya wes nagih jatah wulanane, ujare arepe gawe mendak pisan simbah suwargi. Sirahku rasane senut-senut. Nganti kerja sedina kiye ora nana sing nggenah, kelalen baen. Klambi meng pemean kodanan kelalen tak entasi, sop kaki ayam ya kasinen kelalen tek wenehi uyah ping pindho. Lha momongane inyong ya meh wae telat metu sekang ngomah, padahal ana acara poto-poto nang mall, ngesuk mau inyong wes janjian karo bose.

Kepeksa inyong terus nyegat teksi ngeblas nyang panggonan janjian karo bos. Tekan nggone wes kliwat 11 menit tapi slamet dening bos ya rung teka, mandan ayem najan mung sepethit.

Let sedela, sekang kadohan katon ayang-ayange bos. Nganggo jaket ireng gede sing pating klewer ngana kae, wajahe keton nek ora bungah. Mendelik nyawang inyong.

"Geneya nganggo klambi kiye?" pitakone nalika isih 5 meteran adohe sekang inyong. Momongane inyong tuli mlayu mapak mamae, mamae ya bose inyong kuwe, ora merduliaken tapi mung mendeliki inyong.

"Deg!" cilaka pitulikur!" bathine inyong kaget. Inyong kelalen nganggona klambi sing wes dipesen karo bos mau esuk.

"Anu, inyonge kelalen. Sorry," jawabe inyong ora wani nyawang raine bose.

"Rike kuwe, mergawe kabeh serba kelalen. Klambi dijarna kodanan ujare kelalen ngentasi, masak ya kasinen kelalen menehi uyah maning. Kiye klambi wes tek tukokna khusus kanggo poto-poto ya lali ora mbok enggokna, kepriben rikane kiye? Ngapa-apa kelalen baen!" si Bos nesu.

Walah-walah suarane ngluwihi bledek bantere, karo mendelik-mendelik karo nuding-nuding pisan. Kiye inyong kaya pesakitan anu kae kaya wong ukuman sing akeh ndean salahe. Wong sak mall nyawang inyong, mbuh mesakna mbuh nyukurna, inyong kisinan temen. Ning ya priwe maning, iyonge ya salah. Ya mung ndingkluk baen, ora mangsuli. Jan persis kaya babu Endonesiyah ngana kae (lha inyone iki ya babu mbok? wkwkwkk...).

"Em keitak lei keh dau keh!" (Koh ora kelalen ndasmu kuwe!)" Waduh mbok...basa Cinane wes metu kiye.

"Kabeh kelalen ngana kuwe, kerja wes 5 tahun kaya lagi wingi sore! Kepriwe nek inyong kelalen gajiane rika, he!" bentakke bose.

"Bos, mbok rika aja kaya kuwe, bos," jawabe inyong alon.
"Enak mbok kelalen gajiane rika!" kandhane bos maneh.
"Rikane ya urung mbayar gajine inyong bulan iki koh," jawabe inyong antarane wedi karo ngempet guyu.
"Me wa? (ngomong apa?)"
"Rikane ya kelalen gajiane inyong koh," kandhane inyong mbaleni ukara rada banter, mbokan bose ra krungu.

Raine bose inyong saknalika abang. Kisinan dewe mbok, embuhlah. Bose ngeblas karo nyendal tangane anake.

"Rika balia!" ujare sekang kadohan.

Oalah bos...mbok rika aja kaya kuwe!"

>>Tulisan Asline


2 komentar:

  1. nuwun sewu…kumpulan blog banyumasan nang kene
    http://basabanyumas.wordpress.com/

    nah situs kiye kode rss-e ap yah arep tek lebokna

    BalasHapus
  2. Ngapak - ngapak... njaluk duwite,...

    BalasHapus