23 September 2010

Opera Sabun Dulit

Kiye ceritane Kaki Sudrun agi ning Pasar Pon, arep belanja mbako. Soale persediaan mbako minggu wingi uwis entong. Kaya biasane, saurunge mangkat Kaki Sudrun mesthi dandan, bebed sarung goyor Pekalongan, pasangane klambi batik lengen dawa warna coklat lemah. Sirahe dipasangi songkok. Ora ketinggalan sandal capit sing uwis bolong ning bagian tungkake. Pokoke angger uwis dandan kaya kuwe, Pak Karno bae esih kalah ngganthenge.

“Rumangsamu Druuun… Drun” inyong gedheg gedheg endhas ndeleng polahe Kaki Sudrun sing tambah pethakilan ora nggenah.

“Gyeh Plun, angger arep crita kari crita baen, ora usah milu-milu” Kaki Sudrun njawab karo nyingcingena sarunge nganti tekan sandhuwure dhengkul. Bar udan sadawaning wengi. Dadi Mandan cebrik dalan ning kios Pasar Pon, apa maning ning nggon sing biasa dinggo dodolan wedhus.

“Drun, kiye kan nyong sing agi crita, lah critane rika maring Pasar Pon kan arep tuku mbako, deneng malah klayaban maring nggon dodolan wedhus, jal?!” inyong protes.

“Lah ya salahe kowe Plun, ora bisa ngerem” pancen ngeyelan kaki kaki sing siji kiye.

Ya uwis, siki maring bakul mbako.

Kaki Sudrun mlaku kedimik kedimik alon alon nggoleti bakul mbako sing nggone dhasar dodolane ning sebelah kidul, Mandan edek maring dalan aspal.

“Kaki Sudrun, kiye ning kene mbakone!” bakul mbakone ngundang Kaki Sudrun sing agi clingukan, karo mbenerna songkok sing menceng.

“Rika waras mbok?” bakul mbakone takon maning

“Alhamdulillah, pangestune” Kaki Sudrun njawab, terus ndoprok ning ngarep dodolan. Matane plirak plirik milih mbako sing kira kirane cocok karo kepenginane.

“Arep mbako sing model keprimen kuwe Ki?”

“Ya sing enak tur murah!” sakenane bae nggone njawab, karo mlirik Kaki Kanthong sing ana ning sebelahe.

“Drun, ora usah kakehen sengek, kuwe nggone rembugan tuku mbako sing mandan cepet ngapa lah, nyong agi ora kepenak ngawak koh. Males nulis kedawan!” nyong milu ngomong.

“Iya Plun. Santai kaya di pantai sih ngapa lah” jawabe Kaki Sudrun mblengeri. Karo nglinting.

“Iya jan Kaki Sudrun, rika ana duwit pira jane Ki? Arep kukud kiye. Wis awan!” bakule ngomong karo ngetung bathen.

“Sepuluh ewu, tapi nyong tuku rega mang ngewu bae. Jujulane arep nggo tuku srotone Sartu” Kaki Sudrun njukut dompet sing bahane sekang anyaman godhong pandhan, “Nyah kiye, mang ngewu bae ya!” lanjute nggenahna maring bakule.

Duwite detampani daning bakule, terus sibuk mbungkus mbako sing kwalitas nomer loro maring plastik.

“Deneng semending temen kiye mbakone?!” Kaki Sudrun mrengut karo nampani bungkusan mbako sajujule.

“Lah, kuwe ya uwis tek imbuhi koh Ki” jawabe bakule karo mberesi dagangane.

“Apa temenan mbako enak kiye?”

“Enak kuwe Ki, sing paling jos pokoke lah”

“Pinter temen rika bakul, ya nyah kiye jujulane nggo tuku sisan bae lah, nyong ora sida nyroto. Mending kencot timbang ora udud” Kaki Sudrun nyengir.

“Drun, rika jan kebangeten banget, kwalat mengko!” nyong tambah ora tahan nyawang polaeh Kaki Sudrun.

“Kwalat primen Plun?”

“Pokoke arep tek gawe njengking rika!”

Butul nang ngumah, Kaki Sudrun weruh Ninine lagi masak ning dapur. Kringete katon rengosan.

“Ni, nyong bali” Kaki Sudrun mlaku maring dapur. Njagong ning kursi mangan, “Ni, rika wong agi masak apa agi tinju sih, deneng kringete rengosan?”

“Lah, rika maning Ki. Ya agi masak kiye, masak jamur lember kesenengane rika” Nini Sudrun njawab, “Srotone Sartu olih mbok?”

Kaki Sudrun bingung. Kemutan pesenane ninine. Kudune mau jujulan sing limang ewu kuwe nggo tuku sroto, tapi uwis kadung dinggo tuku mbako kabeh gara-gara rega limang ewu kur olih mbako semending.

“A… anu, rega mbako siki mundhak Ni, dadi duwite nggo tuku mbako kabeh” Kaki Sudrun njawab karo clithutan.

“Apa?!” Nini Sudrun kaget kaya bar krungu gludhug.

“Iya Ni, sumpah lah. Jal nganah takon karo bakule nek ora percaya”

“Bakule wis bali!” Nini Sudrun tambah kesuh, “Byanganane! Pokoke mulai siki, rika ora bakal tek nggawekna sambel ikih!” Nini Sudrun ngomong maning karo ngentas jangan jamur lember sing uwis mateng. Dewadaih piring sing bahane sekang wesi seng, terus desogna ning meja ngarepe Kaki Sudrun.

“Kari mangan kuwe, terus mangkat ngalas nganah. Mbedhegel rasane weruh rika Ki”

“Lah sambele mendi?!” Kaki Sudrun clingak clinguk.

“Ora ana sroto, ora ana sambel pokoke!” tambah dhuwur baen suarane Nini Sudrun.

“Rika tah ora bener kuwe. Ora adil. Wis deomong rega mbako mundhak…”

“Ora urus!”

“Sambele mendi?” Kaki Sudrun takon maning.

“Bodoa, pokoke ora ana jatah sambel mulai siki!”

“Jan, nyong agep nangis kiye Ni angger ora ana sambel temenan”

“Ya temenan, nangis kari nangis ngonoh. Ora urus!”

Krungu Nini Sudrun ngomong kaya kuwe, Kaki Sudrun mlayu maring dalan ngarep umah. Glungsaran, nggejol nggejol ning dalan karo nangis nggerung nggerung. Dandanan sing jere paling necis siki wis ora karuan. Sarung goyor sing maune klimis, siki wis ucul kepancal sikile Kaki Sudrun dhewek.

Tanggane sing pada krungu suara nangise Kaki Sudrun siki pada ngrubung. Sibuk ngeneng-ngenengi. Ana sing nggawa permen, ana sing nggawa beneman budin, ana uga sing nggawa godhogan angkrik.

Tapi dhasare Kaki Sudrun angger uwis duwe kekarepan: “Pokoke oraaa, nyong kepengin sambel gaweane Nini Sudruuuunnn” jawabe Kaki Sudrun karo nangis ngangseg-ngangseg.

Nini Sudrun sing weruh bojone agi nggo rubungan tanggane dadi ora tega. Tangane sibuk uthak athik nggawe sambel, terus mlayu marani Kaki Sudrun sing esih glungsaran ning dalan ngarep umah.

“Kae sambele uwis tek nggawekna, kari depangan nganah. Aja nangis ning dalan, isin!”

“Temenan Ni?” raine Kaki Sudrun katon sumringah.

“Ya temanan, kae wis tek siapna ning meja”

Kaki Sudrun menyat. Detuntun Nini Sudrun mlebu maring ngumah, terus labas maring njero, maring nggon sing biasa nggo mangan bareng.

Sega ning cething, jangan jamur lember sapiring, lan tempe limang iris degoreng garing. Ora ketinggalan sambel sing mbene degawe Nini Sudrun saciri munthuk.

Debayang-bayangna, Nini Sudrun pancen bojo sing paling eman. Wis digawe elek daning Kaki Sudrun bae ya esih gelem nggawekna sambel.

“Nyah, kari mangan ya Ki, sing akeh. Men rosa nggone macul!” Nini Sudrun ngomong karo ngewehna sega salawuhe ning piring maring Kaki Sudrun.

“Iya Ni, matur nuwun ya. Rika jan pancen bojo sing paling ayu” Kaki sudrun cengar cengir ora ngrasa salah.

Kaki Sudrun nggone mangan katon enak banget. Jamur lember, tempe sing de goreng wuda (maksude ora desogi glepung) karo sambel pancen menu kesenengane Kaki Sudrun kawit cilik.

Ora nganti limang menit bae sega karo lawuhe wis meh entong. Cirine ya wis meh klimis.

“Enak mbok Ki sambele?” Nini Sudrun takon.

“Enak Ni, tapi deneng rasane Mandan-mandan pait yang, ana sepet-sepete mbarang” Kaki Sudrun mulai sadar, rasa sambele ana sing ora beres. Cangkeme ngumpluk.

Angger Kaki Sudrun ngomong, sekang cangkeme metu plembungan sing gedhene werna-werna. Ana sing sa-dir, ana sing sa-bal kasti. Wetenge juga mulai krasa mules ora karuan. Nini Sudrun kur cengar-cengir weruh keadaane Kaki Sudrun.

“Ni, kiye sambele… deneng…?” Kaki Sudrun ora kuat nerusna omongane.

“Sambele primen Ki?” Nini Sudrun ethok-ethok ora ngerti.

“Sambele deneng rasane suwe-suwe ora nggenah. Ana pedes, ana pait, ana sepet. Wetengku juga dadi mules banget kiye jajamara!” Kaki Sudrun nyekeli wetenge.

“Hahaha, kapok rika Ki. Kawuus… kuwe sambele mau anu tek campuri sabun dulit, karo awu sing nggo ngasah-asahi piring. Hahaha… “ Nini Sudrun malah ngguyu kepingkel-pingkel.

Uwis ceritane yang sedulur, kiye nyong agep ngeterna Kaki Sudrun maring puskesmas disit. Mbokan temenan modar, sapa ngerti esih kena nggo bahan cerita maning kapan-kapan. Sekalian nyong juga pengin priksan. Mandan ora penak ngawak sithik.

Uwis ya.

Klanuuunnn…

KR, September 2010.

Slamet Hidayat Wikarto

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar