18 September 2010

Curug Cipendok


Curug Cipendok anane nang Desa Karangtengah Kecamatan Cilongok Kabupatene Banyumas. Jere sing tau ngukur, duwur grojogane 92 meter. Lokasine nang ereng gunung, mulane hawane seger ora etung. Sepanjang dalan menganah akeh kebon tomat, sledri sing ijo royo-royo mulane gawe betah kaya nyawang kebonane tanggane.

Nek kang Purwokerto sekitar 15 kilo meng arah Ajibarang. Pokoke bar ngliwati pasar Cilongok mengko nemu pretelon meng tengen ana plange gede, Curug Cipendok. Dalane yakin kepenak wis aspal mulus butul gerbang mlebu. Kang gerbang disambung undak-undakan sing wis disemen. Warung sing dodol panganan ya akeh, dadi rasusah bingung nek ora nggawa sangu sega apa wedhang. Tapi nek ra sangu duit ya aja meng warung, mbok malah dibrengkolang srandal.

Nang komplek grojogan ana telaga sing jenenge Telaga Pucung. Bumi perkemahane ya ana. Dadi nek pengin kemah apa pacaran ora kangelan golet nggon. Gari nggawa tenda bisa indehoy. Sing penting aja ngasi gathengan nangkono. Yakin kesambet.

Nek jere wong tuwa, sejarah Curug Cipendok mulai ket jaman perang Diponegoro rampung. Pemrentah Landa prentah meng Wedana Ajibarang sing jenenge R. Ranusentika kon mbabat alas nang pereng gunung. Ndeyan mblenger nunggoni sing kerja rodi, deweke mancing nang grojogan. Pas ana sing narik pancing, olieh dudu iwak. Tapi pendok alias wrangka keris sing wernane kuning. Mulane curug kuwe terus disebut Cipendok.

Curug Cipendok dibukak go masyarakat umum mulai taun 1984. Sing pada dolan menganah ditarik bayaran 6 ewu perak termasuk asuransi kecelakaan. Soale kedunge jero tur akeh watune. Dadi mbok ana sing klelep apa tiba ngasi luka-luka, dijamin nang asuransi. Tapi nek kecelakaane anu bar gathengan nangkono, aja ngarep-arep diwei duit ya. Ora dikepruki hansip be wis untung.

Mayuh dolan nganah...

2 komentar: