18 September 2010

Benteng Pendhem


Benteng Pendem Cilacap tinggalan Landa kiye jeneng asline "Kusbatterij Op De lantong Te Tjilatjap" sing debangun taun 1861. Anane nang sekidule Teluk Penyu sing ambane 6,5 ha. Benteng pendem kuwe bekas markas Landa sing dibangun nganti taun 1879 sing artine ngasi 18 taun suwene. Maune ketutup lemah ora keurus. Mulai dikeduk tahun 1986 nang pemerentah Cilacap. Sayange wis ora wutuh maning gara-gara kegusur kilang Pertamina separo.

Benteng Pendem dirancang arsitek Landa sing fungsine go nahan serangan kang arah laut kidul bareng karo Benteng Karang Bolong, Benteng Klingker trus Benteng Cepiring. Bangunane esih pergua diubengi solokan pertahanan karo pager trus kekubur 1 - 3 meter nang jero lemah. Nang jerone ana 60 kamer atawa barak, benteng sing go ngintip, ruang tembak, gudang senjata, gudang mesiu, ruang perwira, penjara, dapur, klinik pengobatan karo ruang kumpulan. Benteng Pendem dinggo nganti direbut Jepang taun 1942. Mbasan Jepang minggat negarane dibom atom, benteng diambilalih pasukan TNI Banteng Loreng Kesatuan Jawa Tengah. Benteng dinggo pejuang kemerdekaan latian perang karo pendaratan laut.

Ana sing ngomong nek ana terowongan meng benteng liane karo meng gua-gua Nusakambangan mbarang. Tapi nganti siki urung bisa dibuktikna isune. Kang nduwur benteng Nusakambangan keton jelas banget. Sisan bisa ngintip pelabuhan pertamina sing nang sebelaeh.

Siki benteng pendem didadikna obyek wisata. Apa maning lokasine cedek Teluk Penyu dadine bisa sisan gawe gole dolan. Benteng pendem wis dikumpliti pirang-pirang fasilitas : tempat leyeh-leyeh, gazebo, yunyunan, Kolam Pemancingan trus ana patung dinosaurus mbarang koh mbuh apa karepe.

Tiket Mlebu :


Layanan informasi :
  1. Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kab. Cilacap Telp. 0282-534481
  2. Unit Pelaksana Teknis Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Wilayah Cilacap Telp. 0282-534003
  3. Websete pemda Cilacap

email : diparta_clp@yahoo.co.id
facebook: cilacap tourism

1 komentar: