30 September 2010

Niniku

Embuh sekang endi gole kudu molai arep kandah kie, sing genae ya aku kur arep ngandahna barang bener lan nyata. Aku kadeng2 melas banget maring niniku. wis sepuh.... pernyatkite ya wis pada betah, mlaku be paribasane ya wis londog. Tapi tetep mbok tengah wengi ana wong marani ya tetep mangkate, wong jere genah wis tanggungane, wis dadi ropeyane kaya kuwe. Ngersulah ya ora tau, apa maning ngangluh kesel ya babar blas ora pernah.

Sing jelas embuh kapan niniku molai berpropesi dadi Dukun, aku ya urung pernah takon, dadi ya bada bae kulo mboten ngertos kapan tepate. wong aku klakon takon meng biyungku, biyunge kur smaur jere, Ninine dadi Dukun seurunge Nyong ngijab karo ( alm) Bapamu.

Owh........ berarti wis suwe banget ya Yung? aku takon maning meng biyungku, ngerti dewek aku angger wis mulai takon li ngeciwis ora rampung2, ndremimil  baen. Ya wis suwe banget, wong genah uwamu be urung ngijab acan donk ninine mulai nulung wong. biyungku gole semaur karo njelasna meng aku.

Wis Sepuh, rambute wis putih, daging ya kayane wis ra due. anane kur gari kulit karo balung. tapi gole nduweni jiwa penolong tetep urung redup. ora wedi panas, ora wedi udan, ora awan ora wengi, pokoke angger ana wong marani ya langsung bae gipyak mlakune.

Sekie wis mending, putu buyute wis akeh sing pada dar der numpaki honda. lah gemiyen2 dunk urung ana kayakuwe mbok maring endi2a Ninie ya mlaku. ya honda sih mbuh anune sapa, anune batire apa tanggane sing penting ya wis teyeng nganggo :) dadi teyeng njujugna ninine angger ana wong marani.

Dalane ning nggonku boro2 alus aspalan, sieng genah ya dalane esih lemah. wong genah de aspal mbene kira2 4 thn an kepungkur. angger ketiga ngebluk mlaku ning lebuan, angger gari mangsan rendneg ya mlaku blepotan kenang belet nagti tumpal tapih pada belok kabeh.

Klakon dong dalane mbene di pasangi watu, watune mbok anu watu geplakan dadi ya landep. Ninie esih wegah nganggo srandal, wong genah ora biasa srandalan. bate mlaku ndina2 esuk sore, pas tulungane dobel2 ya iya, dadine nganti telapak sikile nganti pada pating mblewak bate kenang watu geplakan sing mbene di pasang ning gili. lara2 ha silike mlosdak ya tetep bae mangakt esuk sore, wong genah jere wis ngemuti tanggungane. aku li jen kadeng2 gumun banget meng Ninine.........

Arep nganti kapan Nikiku kayakuwe, aku ya ora ngerti, sapa sing arep ngganteni nek niniku wis ora teyeng ngalukna maning, aku ya ora ngerti. wong aku klakon takon, Ni........ rika kuwe Elmune arep di turuna maring sapa, inyong ya gelem de warai semending mending, apa baen si Ni Dongane?

Aku ethok2 ginau ngrayu meng ninie, mbok jere sapa olih warisan  e Donga, wong genah anu kayakuwe ya apa2 nganggone donga. angger aku gole ngarani umed2, sing aku ngerti ninie arep ngapa2 ya  lambene umed2 disit, embuh apa sing di waca aku ya ora ngerti, aku krungune kur Bismilah.........

Malah  Ninine gole semaur, Gampang ginau mengko angger nyong wsi ora nana, siki tah wong anu esih kanggo, ya arep ora tek weh2na. Lah.........???????

Seplosok ana dukun 2, sing 1 ne esih bener2 tradisional banget, wong ngiris puser ari2 be esih nganggo welad. Tapi nek Niniku wis madan mendingan, ngiris ari2 ya wis nganggo gunting, wis nganggo alkohol lan obat merah terus de buntel kain kassa. ya wis steril lah istilae.......

Sing pada njauk tulung ya udu kur wong seplosok thok, tapi wis termasuk tangga2 desa. Soale sewulan sepisan ya ana kumpulan ning puskesmas, sing ceritane kuwe, para Dukun Bayi di bina di warai ning para bidan para Dokter, dadi wis manda2 ana sentuhane tenaga medis. terus Niniku wis olih Ijazah, sing artine Dukun Bayi resmi/sah/legal!

Masalah Biaya, Niniku ora tau aweh rega apa maning ngjaluk di bayar. sepiraha ya seikhlase, sepawehe wong sing wis pada ngrasa de tulung wektu nglairna. kuwe istilae aweh penetep, nek sing teyeng/kersa. nek ora ya Niniku Lila khlas lair batin gole nulung. nyatane jero pitungdina kuwe Niniku wis ngurusi bayi lan si Biyung bayi.

Esuk2 dadah/nguruti bayine, ngedusi, mbarut, nglambeni, ndangdani bayine lah secara kasare  Mbareng bayine wisturu lah Mebene baen ngurut Biyunge bayi, sedawane pitung dina. mengko pas pitungdinahan ana sing jenenge srah2an, sing nulung utawane sing wis di tulung pada2 njaluk ngampura, nyatane wong urip ora luput sekang salah lan dosa.

Angger tulungane kur 1 mandan mending, aku  besanu melase nek sing di tulung nganti dobel 2, 3, bisa mbayangna Ninine kesele kayang apa. tapi kabeh mau kur ana ning pikirane nyong pada, nek ning Pikirane Ninkine ya sing penting jere slamet waras, mangsa ora kecendaka. Mulane Mbokyaha angger pada meteng ora susah pada janjian ujarku, tapi balik maning, kuwe mau wis dadi kewajibane wis dadi tugas tanggung jawabe Niniku nulung wong si pada nglairna.

Muga2a bae gole pada nglairna pada gampang gangsar ora nana gangguan apa2. sing pada de kepenak ngawak, seger selamet seger waras. nek kayakuwe li Ninku bungah banget. Sewengi2 ora turu bat e nunggoni wong sing arep nglairna, pas bali butul ngumah ya tetep bungah semringah wong genah tulungae sehat  tuwa nome tur lairane ya gampang.

Aku ora nuruni dadi Dukun bayi ya ora papa, nyatane ora gampang. tapi paling ora muga2 aku di paringi jiwa lan ati sing sabar kaya Niniku, selalu ikhlas untuk menolong sesama, tetep gigih dan semangat untuk membantu orang lain. sebisa mungkin selagi bisa dan selagi sehat. Ameennnn!

>>Tulisan Asline

Tidak ada komentar:

Posting Komentar