22 November 2010

Pengumuman Lomba Nulis Ngapak

Sedulur kabeh...
Sing sepisanan pokoke nyong njaluk ngapura, nek pengumuman lomba kiye telat banget. Soal persiapan penilaian karo hadiah janjane wis beres kabeh sedurunge penutupan lomba tanggal 30 September wingi. Sing mandan suwe kuwe nang penjuriane. Ya kudu dimaklum wong kerja ra bayaran trus akeh sing statuse wong sibuk nang gawean nyata. Keseringen nguprak-uprak ya ora penak. Arep ditinggal ya pada bae ra penake, wong wis njaluk tulung lan kanane wis sanggup. Mulane trus tek tunggoni ngasi mlebu kabeh apa pasrah godhong waru ora bisa melu mbiji.

Ndilalah, mbasan hasile wis mlebu kabeh, gunung Merapi gumoh. Nyong katut kanca-kanca dadi relawan nang Magelang. Nah kiye mumpung lagi bali ngumah tek umumna hasil lombane. Sepisan maning njaluk ngapura sing seakeh-akeeh ya...

Hasil rekapan penjuriane kaya kiye. Kepriwe hasile pokoke kuwe murni kang juri nyong ra melu-melu. Aja dianggep menang apa kalah, pentinge lih partisipasi nguri-uri basane dewek. Soal hadiah sing mung buku ya aja dideleng. Pancen ana sumbangan sing kepengin aweh hadiah duit. Tapi lagi golet tambahan urung olih-olih, dadine disimpen dimin go lomba tahap keloro sing muga-muga hadiahe bisa lewih seep.

Sing rumangsa tulisane katut, tulung kirim identitase meng imel maseko@rawins.com apa sms meng nomer 081 391 634 777 Jeneng karo alamat kayane cukup. Jenis kelamin ora susah. Tambaih nomer hapen yakena, wong ekspedisi siki ora tau takon kode pos tapi nomer telpun. Sukur-sukur sisan ngirimi hape... 

Kiye hasile lik, bi, kang, mbekayu...

Kangen Niniku
Sepur Egreg Banjar-Kroya
Wektu
Ora Ngapak Dupak
Wong Sugih
Niniku
Basane Bocah Siki
Asik Sro

Mengko lomba tahap keloro melu maning ya.
Matur nuwun...
Salam

Rawin

13 komentar:

  1. Senajan aku ora kepilih,nangin ora pa2,sing penting bisa melu nguri2 bahasa ngapak..Lan apa bae hasile penjurian tetep tek ormati..Matur suwun

    BalasHapus
  2. Wah......... ora nyangka tulisanku sing asal2an milu kepilih :)
    Maturnuwun Dumateng kagem poro Juri sedoyonipun ingkang sampun work hard menentukan tulisan sing layak masuk dalam katagori Menang.

    Sing urung beruntung olih gratisan buku, ora usah kecewa apa maning nganti nangis he he
    ora susah di deleng sekang menang kalah e, sing penting nulis nulis nulis.

    BalasHapus
  3. nggonku dikirim meng nggone ari bae ya lik ^^
    minggu ngarep mau pulang kampung soale :D

    BalasHapus
  4. kirim nomer rekening mawon lah...

    BalasHapus
  5. lomba tahap ke loro kapan mas?

    BalasHapus
  6. assiiikkk aku entuk buku. ditandatanagi nang dewan juri mbok lik men tambah mantep

    BalasHapus
  7. asyik Sro.........
    alhamdillah, judul artikelnya ana koh nang kana.
    maturnuwun kabehane

    eh aja kelalen mampir maring
    http://basabanyumas.wordpress.com/

    BalasHapus
  8. inyong melu ngomong selamat kanggo sing wis menang lomba ngeblog, yuk lanjutna maning nulise nggo persiapan lomba sing arep dianakna babakbelur eh babak dua...

    BalasHapus
  9. Ora nyana ya ora ngimpi babar pisan inyong nemu blog kaya kiye. Lha wong basa banyumasan koh dikandakna ngapak tuli keprimen kuwe. Inyong mono wong wetanan (blitar) wis tuwa tur rada ndelenger dadi ya mandan paseh arpan nganggo basa ngendi bae nyong bisa. Jawa solo jogja nyong ya teyeng, basa banyumasan apadene, basa sunda ya tyasa, basa lampung pesisir nyak pandai, basa plembang aku pacak, basa padang ambo lai, basa batak au rajanapogos lan sak piturute, ayo pada ngayawara karben bisa oleh piwulang maring pakerti jawa duluuuuuuur


    Rajanapogos
    Tobus namangaratoeeeeeeeeeeee

    BalasHapus
  10. Kapan ana acara maning, nyong tek nulis tentang BEDOGOL....

    BalasHapus