27 September 2010

Aneh Nemen Ya

Tanggane enyong jenenge kaki Kiri wonge aneh. Pernah wektu gue ki Kiri ngos-ngosan mbuh tekan ngendi enyong ya ora ngerti.

Enyong : Ki rika jane tekan ngendi nges-engosan kaya gue, ijig-ijig jegong ana nang sandinge enyong padahal ngerti apa ora nek nang sandingku gue ana tembelek pitike.
Kaki Kiri : masa ana mbelek pitik?
kaki Kiri ngadeg niliki sing di dijegongi,
Kaki Kiri : apa ya sih gue tembelek
kambi di dulit trus diambung nempel nang irung.
Kaki Kiri : iya yah tembelek lancung, bener koe luh...
Enyong : rika bae sing wis tek wei ngerti nek gue tembelek ya tesih didulit.

wektu lia ya kaki Kiri tingkaeh aneh maning.
pas nganggo pit bareng kambi enyong, pas nang tengah dalan bane njedor.
Wis ngerti bane njedor ya tesih dipejet-pejet.
Jane kepriben nek kaya gue, wong tukang ngeyelan apa ya gue?

Gie critane anake kaki Kiri jenenge Ambar. Pas nang sekolahan nang buguru ditakoni
Ibu Guru : mbar gie apa wacane
Ambar : sa sa
Ibu Guru : dadi diwaca apa mbar?
Ambar : micin
Ibu Guru : Owalah mbar ambar janjane koe priben sih?

>>Tulisan Asline

25 September 2010

Wedang Kendel

Mbasa enyong wis mandan gede tingkah lakuku ya mandan berubah, wis ora mbajug maning, wis ora metikal maning, wis ora ngabis maning. Pokoke klakuan sing ora apaik ya mandan tek kurangi.

Nang enong tek rasak-rasakna nek wong sopan diormatine pol koh nang ewong lia, mangkane enyong saiki pengine trus blajaran dadi wong sing apik, ya men ora kewalan.

Pernah enyong dolan meng umaeh batir sekolahku (wedon loooo....) hehehehe :) lana si gongapa wis gede tolane meng umaeh calanang bae. Enyong dolan nang umae batir wedonku sing wong tuane ya bisa diomongna wong ora due tapi wonge ya apik banget, ngargai banget aring tamu.

Cepet ritane kaya gie
enyong tekan umaeh paijem langsung bae salam, mlebu, salaman karo ramane paijem, jegong.Let ora sue beyunge paijem mentu tekan pedangan kambi ngawa wedang....
monggo wedang kendele di inum (mboke paijem ngomong kaya gue aring enyong)
nggih mbo (enyong nyemauri kaya gue kambi bingung, nang pikiranku wedang kendel sih apa ya?)
trus mboke kambi bapake paijem lunga mengsawah, pikiranku ngomong maning. Long wong tuane paijem koh apik temen ya...
wis mandan sue enyong ngobrok ngalor ngidul kambi paijem sampe lambene doer, sampe bingung arep ngomong apa maning.
jem enyong balik disit ya wis sore gie koh ndakan beyungku ngoleti enyong. enyong pamitan karo paijem
oya mas, maturnewun banget ya wis dolan meng umah ku, ati-ati ya mas.... paijem semaur kaya gue

Mbasa nang ndalan aku tesih kepikiran kambi mboke paijem. Ko mboke paijem ngomong monggo wedang kendele di inum. apa sih ya wedang kendel? ko wedang-wedang kendel.

Mbasa tekan ngumah aku takon aring beyungku, yung wedang kendel sih apa?

owalah no parno koe orangerti wedang kendel?, wedang kendel gue ya wedang sing ora ana batire biasane wedang sing disuguhna meng tamu tapi ora ana batire alias wedang-wedang tok. Mbeyungku jawab pertakonanku kaya gue kambi ngesul sirahku.
oh kaya gue ya yung... :) enyong kambi nguyu setitik

yawis pada nginum wedang kendele dewek-dewek ya enyong arep mangkat mengsawah ndaud.

>>Tulisan Asline

23 September 2010

Seni Budaya Aja Diributna Bae

Padang wulan sing sering teka nang tanggal 13, 14 kambi 15 tanggalan jawe gawe seneng enyong kambi batir-batirku sing sebrayan. Jerene wong tua nek ana padang wulan tulih ana Nini Towok lagi nangring leyeh-leyeh nang wulan. Ndeleng enyong kambi batir-batirku sing agi dolanan umpet-umpetan, apa deleng batirku sing agi mlayu-mlayu dolanan baron, sing mukur delengna tok ora melu dolanan ya melu didelengna nang Nini Towok. Pokoke nek wengi wulane padang jemrang Nini Towok seneng, nyenengna bocah-bocah kambi lampune sing padang nyorong meng bumi. Pokoke nek padang wulan bocahan pada seneng banget, kayane ora ana sing bisa nyainyi kecuali wengi lebaran.

Wakeh dolanan wektu enyong esih cilik sing siki kayane wis ora ana sing nerusna dolanan gue. Ana werna-werna dolanan jamane enyong, kaya umpetan-umpetan kambi baron ya gue dolanan sing paling disenengi, tapi ya esih ana akeh maning dolanan sing nyenengi banget kaya mobil-mobilan sing digawe kambi pring, slompret kambi damen wit pari, kambang kampul sing digawe kambi lemah dicemplungna banyu bisa kemambang, cilik ireng mblondo atos ya gue jenenge entis-entisan sing mirip dir. Wis pokoke akeh banget dolanan lan tembang-tembangan jaman mbiyen, jamane nyong cilik. Salah gede nepol nek siki ana sing ngomong "masa kecil kurang bahagia" kayane sing ngomong kaya gue ora ngerti cilike enyong kambi batit sebrayanku, apa sing ngomong gue cah kotan kota sing ngertine nang jero umah bae nek metu ya paling sekolah.

Jaman wis terus berubah banget seni-budaya sing kudune diingu utawa diurip-urip malah ora ana sing nerusna. Ya nek jarku ya ora salah nek Malaysia arep ngurip-ngurip budayane dewek tapi enyong be ora trima nek Malaysia "mematenkan" seni budayane dewek. Apa jane enyong kambi batir-batirku kon dadi cah cilikmaning? kayane ya wis ora mungkin ya... hehehehe.

Gie enyong arep ndabrul/cerita karo sedulur kabeh ya. Nek nang Malaysia tulih akeh sedulure dewek sing wis ketbien banget. Jerene sih wong landa sing mindaih meng Malaysia, sue-sue wong sing digawa gue pada manak trus sue-sue maning tamba akeh, tambah akeh. Wong Jawa nggawa seni-budaya jawa, wong batak ya gawa budayane batak, wong Sulawesi ya nggawa seni-budayane wong bugis pokoke setiap daerah nggawa seni-budayanee dewek-dewek. Dadi nang kene (Malaysia) seni-kebudayaan akeh sing  kembar kambi Indonesia jalarane pada diwarisi nang wong tuane sing jane rama-beyunge gue ya tekan Indonesia tapi ngertine ya seni-budaya diwei/warisan wong tuane. Sing dadi masalah atau sing sering diributna sampe-sampe arep adu jotos apamaning perang. wiiiiss ora pantes banget gue lah nek jar ku. Peraang apa gelutan sing menang dadi areng sing kalah dadi awu.

Ndeleng sedulure enyong saiki pikirna ya...
seni-budayane wong Indonesia akeh banget tur apik-apik banget tapi ya guelah ketone ko ora pada gelem ngurip-nguripna maning ya? apa jane pada isin apa gengsi ya, wis ora gelem maning. Terus tanggane dewek Sing Jenenge Malaysia, sing jane ora jelas seni-budayane pengin banget ngaku seni-budayane dewek ben bisa ngelebokna wong-wong bule pada teka meng Malaysia. Nek ake wong bule pada meng Malaysia kan bisa ngurip-ngurip perekonomiane Malaysia. Njajal ora sih nek dipikir-pikir seni-budaya jane penting banget. Siki sapa sing kudune bisa ngurip-ngurip maning ben ora ilang apa maning dijaluk nang tanggane dewek.

Siki nek cara enyong aja pada ribut, aja pada nyalahna tanggane dewek (Malaysia). Sing perlu dideleng ya Negarane dewek. Priben sih wong-wong sing nang kana sing pada nganggo dasi, sing jerene wakile dewek (rakyat cilik), apa jane nang kana pada mikirna rakya cilik apa mikirna wudele deweke. Apa maning kon mikirna seni-budaya sing jane bisa salah siji modal sing apik kanggo ngundang bule-bule kon teka.

Ayulah pada ngomong ngapak maning, ben ora dijaluk nang tanggane dewek.
Ora usah isin apa maning gengsi... :)

Opera Sabun Dulit

Kiye ceritane Kaki Sudrun agi ning Pasar Pon, arep belanja mbako. Soale persediaan mbako minggu wingi uwis entong. Kaya biasane, saurunge mangkat Kaki Sudrun mesthi dandan, bebed sarung goyor Pekalongan, pasangane klambi batik lengen dawa warna coklat lemah. Sirahe dipasangi songkok. Ora ketinggalan sandal capit sing uwis bolong ning bagian tungkake. Pokoke angger uwis dandan kaya kuwe, Pak Karno bae esih kalah ngganthenge.

“Rumangsamu Druuun… Drun” inyong gedheg gedheg endhas ndeleng polahe Kaki Sudrun sing tambah pethakilan ora nggenah.

“Gyeh Plun, angger arep crita kari crita baen, ora usah milu-milu” Kaki Sudrun njawab karo nyingcingena sarunge nganti tekan sandhuwure dhengkul. Bar udan sadawaning wengi. Dadi Mandan cebrik dalan ning kios Pasar Pon, apa maning ning nggon sing biasa dinggo dodolan wedhus.

“Drun, kiye kan nyong sing agi crita, lah critane rika maring Pasar Pon kan arep tuku mbako, deneng malah klayaban maring nggon dodolan wedhus, jal?!” inyong protes.

“Lah ya salahe kowe Plun, ora bisa ngerem” pancen ngeyelan kaki kaki sing siji kiye.

Ya uwis, siki maring bakul mbako.

Kaki Sudrun mlaku kedimik kedimik alon alon nggoleti bakul mbako sing nggone dhasar dodolane ning sebelah kidul, Mandan edek maring dalan aspal.

“Kaki Sudrun, kiye ning kene mbakone!” bakul mbakone ngundang Kaki Sudrun sing agi clingukan, karo mbenerna songkok sing menceng.

“Rika waras mbok?” bakul mbakone takon maning

“Alhamdulillah, pangestune” Kaki Sudrun njawab, terus ndoprok ning ngarep dodolan. Matane plirak plirik milih mbako sing kira kirane cocok karo kepenginane.

“Arep mbako sing model keprimen kuwe Ki?”

“Ya sing enak tur murah!” sakenane bae nggone njawab, karo mlirik Kaki Kanthong sing ana ning sebelahe.

“Drun, ora usah kakehen sengek, kuwe nggone rembugan tuku mbako sing mandan cepet ngapa lah, nyong agi ora kepenak ngawak koh. Males nulis kedawan!” nyong milu ngomong.

“Iya Plun. Santai kaya di pantai sih ngapa lah” jawabe Kaki Sudrun mblengeri. Karo nglinting.

“Iya jan Kaki Sudrun, rika ana duwit pira jane Ki? Arep kukud kiye. Wis awan!” bakule ngomong karo ngetung bathen.

“Sepuluh ewu, tapi nyong tuku rega mang ngewu bae. Jujulane arep nggo tuku srotone Sartu” Kaki Sudrun njukut dompet sing bahane sekang anyaman godhong pandhan, “Nyah kiye, mang ngewu bae ya!” lanjute nggenahna maring bakule.

Duwite detampani daning bakule, terus sibuk mbungkus mbako sing kwalitas nomer loro maring plastik.

“Deneng semending temen kiye mbakone?!” Kaki Sudrun mrengut karo nampani bungkusan mbako sajujule.

“Lah, kuwe ya uwis tek imbuhi koh Ki” jawabe bakule karo mberesi dagangane.

“Apa temenan mbako enak kiye?”

“Enak kuwe Ki, sing paling jos pokoke lah”

“Pinter temen rika bakul, ya nyah kiye jujulane nggo tuku sisan bae lah, nyong ora sida nyroto. Mending kencot timbang ora udud” Kaki Sudrun nyengir.

“Drun, rika jan kebangeten banget, kwalat mengko!” nyong tambah ora tahan nyawang polaeh Kaki Sudrun.

“Kwalat primen Plun?”

“Pokoke arep tek gawe njengking rika!”

Butul nang ngumah, Kaki Sudrun weruh Ninine lagi masak ning dapur. Kringete katon rengosan.

“Ni, nyong bali” Kaki Sudrun mlaku maring dapur. Njagong ning kursi mangan, “Ni, rika wong agi masak apa agi tinju sih, deneng kringete rengosan?”

“Lah, rika maning Ki. Ya agi masak kiye, masak jamur lember kesenengane rika” Nini Sudrun njawab, “Srotone Sartu olih mbok?”

Kaki Sudrun bingung. Kemutan pesenane ninine. Kudune mau jujulan sing limang ewu kuwe nggo tuku sroto, tapi uwis kadung dinggo tuku mbako kabeh gara-gara rega limang ewu kur olih mbako semending.

“A… anu, rega mbako siki mundhak Ni, dadi duwite nggo tuku mbako kabeh” Kaki Sudrun njawab karo clithutan.

“Apa?!” Nini Sudrun kaget kaya bar krungu gludhug.

“Iya Ni, sumpah lah. Jal nganah takon karo bakule nek ora percaya”

“Bakule wis bali!” Nini Sudrun tambah kesuh, “Byanganane! Pokoke mulai siki, rika ora bakal tek nggawekna sambel ikih!” Nini Sudrun ngomong maning karo ngentas jangan jamur lember sing uwis mateng. Dewadaih piring sing bahane sekang wesi seng, terus desogna ning meja ngarepe Kaki Sudrun.

“Kari mangan kuwe, terus mangkat ngalas nganah. Mbedhegel rasane weruh rika Ki”

“Lah sambele mendi?!” Kaki Sudrun clingak clinguk.

“Ora ana sroto, ora ana sambel pokoke!” tambah dhuwur baen suarane Nini Sudrun.

“Rika tah ora bener kuwe. Ora adil. Wis deomong rega mbako mundhak…”

“Ora urus!”

“Sambele mendi?” Kaki Sudrun takon maning.

“Bodoa, pokoke ora ana jatah sambel mulai siki!”

“Jan, nyong agep nangis kiye Ni angger ora ana sambel temenan”

“Ya temenan, nangis kari nangis ngonoh. Ora urus!”

Krungu Nini Sudrun ngomong kaya kuwe, Kaki Sudrun mlayu maring dalan ngarep umah. Glungsaran, nggejol nggejol ning dalan karo nangis nggerung nggerung. Dandanan sing jere paling necis siki wis ora karuan. Sarung goyor sing maune klimis, siki wis ucul kepancal sikile Kaki Sudrun dhewek.

Tanggane sing pada krungu suara nangise Kaki Sudrun siki pada ngrubung. Sibuk ngeneng-ngenengi. Ana sing nggawa permen, ana sing nggawa beneman budin, ana uga sing nggawa godhogan angkrik.

Tapi dhasare Kaki Sudrun angger uwis duwe kekarepan: “Pokoke oraaa, nyong kepengin sambel gaweane Nini Sudruuuunnn” jawabe Kaki Sudrun karo nangis ngangseg-ngangseg.

Nini Sudrun sing weruh bojone agi nggo rubungan tanggane dadi ora tega. Tangane sibuk uthak athik nggawe sambel, terus mlayu marani Kaki Sudrun sing esih glungsaran ning dalan ngarep umah.

“Kae sambele uwis tek nggawekna, kari depangan nganah. Aja nangis ning dalan, isin!”

“Temenan Ni?” raine Kaki Sudrun katon sumringah.

“Ya temanan, kae wis tek siapna ning meja”

Kaki Sudrun menyat. Detuntun Nini Sudrun mlebu maring ngumah, terus labas maring njero, maring nggon sing biasa nggo mangan bareng.

Sega ning cething, jangan jamur lember sapiring, lan tempe limang iris degoreng garing. Ora ketinggalan sambel sing mbene degawe Nini Sudrun saciri munthuk.

Debayang-bayangna, Nini Sudrun pancen bojo sing paling eman. Wis digawe elek daning Kaki Sudrun bae ya esih gelem nggawekna sambel.

“Nyah, kari mangan ya Ki, sing akeh. Men rosa nggone macul!” Nini Sudrun ngomong karo ngewehna sega salawuhe ning piring maring Kaki Sudrun.

“Iya Ni, matur nuwun ya. Rika jan pancen bojo sing paling ayu” Kaki sudrun cengar cengir ora ngrasa salah.

Kaki Sudrun nggone mangan katon enak banget. Jamur lember, tempe sing de goreng wuda (maksude ora desogi glepung) karo sambel pancen menu kesenengane Kaki Sudrun kawit cilik.

Ora nganti limang menit bae sega karo lawuhe wis meh entong. Cirine ya wis meh klimis.

“Enak mbok Ki sambele?” Nini Sudrun takon.

“Enak Ni, tapi deneng rasane Mandan-mandan pait yang, ana sepet-sepete mbarang” Kaki Sudrun mulai sadar, rasa sambele ana sing ora beres. Cangkeme ngumpluk.

Angger Kaki Sudrun ngomong, sekang cangkeme metu plembungan sing gedhene werna-werna. Ana sing sa-dir, ana sing sa-bal kasti. Wetenge juga mulai krasa mules ora karuan. Nini Sudrun kur cengar-cengir weruh keadaane Kaki Sudrun.

“Ni, kiye sambele… deneng…?” Kaki Sudrun ora kuat nerusna omongane.

“Sambele primen Ki?” Nini Sudrun ethok-ethok ora ngerti.

“Sambele deneng rasane suwe-suwe ora nggenah. Ana pedes, ana pait, ana sepet. Wetengku juga dadi mules banget kiye jajamara!” Kaki Sudrun nyekeli wetenge.

“Hahaha, kapok rika Ki. Kawuus… kuwe sambele mau anu tek campuri sabun dulit, karo awu sing nggo ngasah-asahi piring. Hahaha… “ Nini Sudrun malah ngguyu kepingkel-pingkel.

Uwis ceritane yang sedulur, kiye nyong agep ngeterna Kaki Sudrun maring puskesmas disit. Mbokan temenan modar, sapa ngerti esih kena nggo bahan cerita maning kapan-kapan. Sekalian nyong juga pengin priksan. Mandan ora penak ngawak sithik.

Uwis ya.

Klanuuunnn…

KR, September 2010.

Slamet Hidayat Wikarto

>>Tulisan Asline