18 September 2010
1 September 2010
Ngapak Mlayu
Njajal nulis nganggo bahasane dewek ternyata angele pol. Padahal bahasa ngapak kuwe bahasa sing tek rungokna kit mbene loer kayane luh. Kawit bayi mestine aku ngomonge ya ngapak, wong nek nang ngumah karo mamake, bapake, binyunge (niniku tek sambat biyung), kakine, mamange, lan tanggane ya ngomonge ngapak. Mbien nek meng warung la mbene nganggo bahasa mlayu (bahasa palembangan), meng pasar ya kudu bahasa mlayu, tapi jajal siki...ora kur warung thok, meng pasar beh nganggo bahasa ngapak wis ora bakal salah jujulane (beda nek jujulane dikorupsi lo ya)
31 Agustus 2010
Basa Kuwe Ora Ana sing Blaka
Pancen wis dadi kodrate bahasa mungkin yah, nek bahasa kuwe slalune berkembang. Ora mandeg kaya kuwe-kuwee bae (merga ora ana stasiune ndean). Kabeh-kabeh nyesuwekna karo jamane. Mulane kadang sok ngguyu bareng (ora dewekan) nek krungu basa-basa jaman cilik ketone koh kunoo banget. Contohe kaya basa blijing nek wuda klambi, lamuk lan lia-liane. Basa-basa kuwe anu wis jarang dinggo nang bocah siki mbok, mulane sok dadi keton kuno, tur mreguyokna.
BTG (Bocah Tembe Gede) jaman siki ya nduwe basa dewek maning. Jere basa gaul. Ana basa preet lah, ana kasian deh loh lah, meneketehe lah, pokoke akeh lah. Aku dewek sok bingug maca sms se ponakane sing SMP, ndadak di campuri angka. Huruf A mendadak dadi an9ka p4p4t. Tur huruf gedene mbarang pada nang tenGah, ana sing nanG mbuR1. Blas ora nganggo tata bahasa. Padahal ujarku ya nang sekolah di blajari Tata Bahasa. Plothat plathit ra nggenah lah pokoke. Nek di protes ya malah madani om-me ra gaul. jyaaan...

30 Agustus 2010
Foto Hot Anak SMP
Foto Hot Anak SMP, Ngapuntene kakang mbekayu kie inyong nganggo basa daerah maning. Bukane kepriwe lan kepriwe tapi kiye memang seterategi jitu tur ampuh kanggone pencarian neng ngalam google.com, kenangapa? lah soale biasane kiye inyong guli nulis kuwe nganggo basa Indonesia, lah hubungane apa? sing arane google.co.id kuwe wis bisa ngelacak wis bisa nimbang-nimbang jumlah kata sing ana ning blogku.. jerene sih nek sebuah tulisan koh anu akeh kata-kata sing deulang mengko berarti menurute mbah google.com atawa google.co.id kuwe bisa-bisa tulisane nyong deanggep tulisan sampah deanggep spam, mangkane nyong kadang nulise nganggo basa ngapak uga kadang nganggo basa indon.. Dadi sing tek jaluk rika ora kecewa anggone melbu lan maca tulisanku kiye.
Langganan:
Postingan (Atom)