22 November 2010

Pengumuman Lomba Nulis Ngapak

Sedulur kabeh...
Sing sepisanan pokoke nyong njaluk ngapura, nek pengumuman lomba kiye telat banget. Soal persiapan penilaian karo hadiah janjane wis beres kabeh sedurunge penutupan lomba tanggal 30 September wingi. Sing mandan suwe kuwe nang penjuriane. Ya kudu dimaklum wong kerja ra bayaran trus akeh sing statuse wong sibuk nang gawean nyata. Keseringen nguprak-uprak ya ora penak. Arep ditinggal ya pada bae ra penake, wong wis njaluk tulung lan kanane wis sanggup. Mulane trus tek tunggoni ngasi mlebu kabeh apa pasrah godhong waru ora bisa melu mbiji.

Ndilalah, mbasan hasile wis mlebu kabeh, gunung Merapi gumoh. Nyong katut kanca-kanca dadi relawan nang Magelang. Nah kiye mumpung lagi bali ngumah tek umumna hasil lombane. Sepisan maning njaluk ngapura sing seakeh-akeeh ya...

Hasil rekapan penjuriane kaya kiye. Kepriwe hasile pokoke kuwe murni kang juri nyong ra melu-melu. Aja dianggep menang apa kalah, pentinge lih partisipasi nguri-uri basane dewek. Soal hadiah sing mung buku ya aja dideleng. Pancen ana sumbangan sing kepengin aweh hadiah duit. Tapi lagi golet tambahan urung olih-olih, dadine disimpen dimin go lomba tahap keloro sing muga-muga hadiahe bisa lewih seep.

Sing rumangsa tulisane katut, tulung kirim identitase meng imel maseko@rawins.com apa sms meng nomer 081 391 634 777 Jeneng karo alamat kayane cukup. Jenis kelamin ora susah. Tambaih nomer hapen yakena, wong ekspedisi siki ora tau takon kode pos tapi nomer telpun. Sukur-sukur sisan ngirimi hape... 

Kiye hasile lik, bi, kang, mbekayu...

Kangen Niniku
Sepur Egreg Banjar-Kroya
Wektu
Ora Ngapak Dupak
Wong Sugih
Niniku
Basane Bocah Siki
Asik Sro

Mengko lomba tahap keloro melu maning ya.
Matur nuwun...
Salam

Rawin