30 September 2010

Niniku

Embuh sekang endi gole kudu molai arep kandah kie, sing genae ya aku kur arep ngandahna barang bener lan nyata. Aku kadeng2 melas banget maring niniku. wis sepuh.... pernyatkite ya wis pada betah, mlaku be paribasane ya wis londog. Tapi tetep mbok tengah wengi ana wong marani ya tetep mangkate, wong jere genah wis tanggungane, wis dadi ropeyane kaya kuwe. Ngersulah ya ora tau, apa maning ngangluh kesel ya babar blas ora pernah.

Sing jelas embuh kapan niniku molai berpropesi dadi Dukun, aku ya urung pernah takon, dadi ya bada bae kulo mboten ngertos kapan tepate. wong aku klakon takon meng biyungku, biyunge kur smaur jere, Ninine dadi Dukun seurunge Nyong ngijab karo ( alm) Bapamu.

Owh........ berarti wis suwe banget ya Yung? aku takon maning meng biyungku, ngerti dewek aku angger wis mulai takon li ngeciwis ora rampung2, ndremimil  baen. Ya wis suwe banget, wong genah uwamu be urung ngijab acan donk ninine mulai nulung wong. biyungku gole semaur karo njelasna meng aku.

Wis Sepuh, rambute wis putih, daging ya kayane wis ra due. anane kur gari kulit karo balung. tapi gole nduweni jiwa penolong tetep urung redup. ora wedi panas, ora wedi udan, ora awan ora wengi, pokoke angger ana wong marani ya langsung bae gipyak mlakune.

Sekie wis mending, putu buyute wis akeh sing pada dar der numpaki honda. lah gemiyen2 dunk urung ana kayakuwe mbok maring endi2a Ninie ya mlaku. ya honda sih mbuh anune sapa, anune batire apa tanggane sing penting ya wis teyeng nganggo :) dadi teyeng njujugna ninine angger ana wong marani.

Dalane ning nggonku boro2 alus aspalan, sieng genah ya dalane esih lemah. wong genah de aspal mbene kira2 4 thn an kepungkur. angger ketiga ngebluk mlaku ning lebuan, angger gari mangsan rendneg ya mlaku blepotan kenang belet nagti tumpal tapih pada belok kabeh.

Klakon dong dalane mbene di pasangi watu, watune mbok anu watu geplakan dadi ya landep. Ninie esih wegah nganggo srandal, wong genah ora biasa srandalan. bate mlaku ndina2 esuk sore, pas tulungane dobel2 ya iya, dadine nganti telapak sikile nganti pada pating mblewak bate kenang watu geplakan sing mbene di pasang ning gili. lara2 ha silike mlosdak ya tetep bae mangakt esuk sore, wong genah jere wis ngemuti tanggungane. aku li jen kadeng2 gumun banget meng Ninine.........

Arep nganti kapan Nikiku kayakuwe, aku ya ora ngerti, sapa sing arep ngganteni nek niniku wis ora teyeng ngalukna maning, aku ya ora ngerti. wong aku klakon takon, Ni........ rika kuwe Elmune arep di turuna maring sapa, inyong ya gelem de warai semending mending, apa baen si Ni Dongane?

Aku ethok2 ginau ngrayu meng ninie, mbok jere sapa olih warisan  e Donga, wong genah anu kayakuwe ya apa2 nganggone donga. angger aku gole ngarani umed2, sing aku ngerti ninie arep ngapa2 ya  lambene umed2 disit, embuh apa sing di waca aku ya ora ngerti, aku krungune kur Bismilah.........

Malah  Ninine gole semaur, Gampang ginau mengko angger nyong wsi ora nana, siki tah wong anu esih kanggo, ya arep ora tek weh2na. Lah.........???????

Seplosok ana dukun 2, sing 1 ne esih bener2 tradisional banget, wong ngiris puser ari2 be esih nganggo welad. Tapi nek Niniku wis madan mendingan, ngiris ari2 ya wis nganggo gunting, wis nganggo alkohol lan obat merah terus de buntel kain kassa. ya wis steril lah istilae.......

Sing pada njauk tulung ya udu kur wong seplosok thok, tapi wis termasuk tangga2 desa. Soale sewulan sepisan ya ana kumpulan ning puskesmas, sing ceritane kuwe, para Dukun Bayi di bina di warai ning para bidan para Dokter, dadi wis manda2 ana sentuhane tenaga medis. terus Niniku wis olih Ijazah, sing artine Dukun Bayi resmi/sah/legal!

Masalah Biaya, Niniku ora tau aweh rega apa maning ngjaluk di bayar. sepiraha ya seikhlase, sepawehe wong sing wis pada ngrasa de tulung wektu nglairna. kuwe istilae aweh penetep, nek sing teyeng/kersa. nek ora ya Niniku Lila khlas lair batin gole nulung. nyatane jero pitungdina kuwe Niniku wis ngurusi bayi lan si Biyung bayi.

Esuk2 dadah/nguruti bayine, ngedusi, mbarut, nglambeni, ndangdani bayine lah secara kasare  Mbareng bayine wisturu lah Mebene baen ngurut Biyunge bayi, sedawane pitung dina. mengko pas pitungdinahan ana sing jenenge srah2an, sing nulung utawane sing wis di tulung pada2 njaluk ngampura, nyatane wong urip ora luput sekang salah lan dosa.

Angger tulungane kur 1 mandan mending, aku  besanu melase nek sing di tulung nganti dobel 2, 3, bisa mbayangna Ninine kesele kayang apa. tapi kabeh mau kur ana ning pikirane nyong pada, nek ning Pikirane Ninkine ya sing penting jere slamet waras, mangsa ora kecendaka. Mulane Mbokyaha angger pada meteng ora susah pada janjian ujarku, tapi balik maning, kuwe mau wis dadi kewajibane wis dadi tugas tanggung jawabe Niniku nulung wong si pada nglairna.

Muga2a bae gole pada nglairna pada gampang gangsar ora nana gangguan apa2. sing pada de kepenak ngawak, seger selamet seger waras. nek kayakuwe li Ninku bungah banget. Sewengi2 ora turu bat e nunggoni wong sing arep nglairna, pas bali butul ngumah ya tetep bungah semringah wong genah tulungae sehat  tuwa nome tur lairane ya gampang.

Aku ora nuruni dadi Dukun bayi ya ora papa, nyatane ora gampang. tapi paling ora muga2 aku di paringi jiwa lan ati sing sabar kaya Niniku, selalu ikhlas untuk menolong sesama, tetep gigih dan semangat untuk membantu orang lain. sebisa mungkin selagi bisa dan selagi sehat. Ameennnn!

>>Tulisan Asline

Rika Aja Kaya Kuwe

Kepriben kiye? Dening malah dadi kaya kiye? Enggane urip koh tek rasakna rekasa temen yah. Kiye inyonge lagi ngalami nasib kaya Srinthil. Wes petang dina sekang tanggal 17 tapi bose inyong koh meneng baen. Dening apa ora krasa nek babune kiye duwite wes entong brontong? Sedolar be langka. Padahal kiye wes metu kukule, mertandhakna nek wes cedhak karo masa menstruasi. Kiye kepriben arepe tuku soptek? Ora lucu nek trus nganggo anduk sing disuwek-suwek ngana kae gawe sumpel. Isin mbok, inyonge kiye babu sing paling ayu bin ndableg wal ngeyelan sak-Hong Kong.

Inyong nglamun baen sedina kiye, eh malah sekang wingi wes ngelamun baen. Ora teyeng kerja, rasane bebeh temen. Mikirna gajih, kukul, menstruasi lan soptek. Simboke inyong ya wes nagih jatah wulanane, ujare arepe gawe mendak pisan simbah suwargi. Sirahku rasane senut-senut. Nganti kerja sedina kiye ora nana sing nggenah, kelalen baen. Klambi meng pemean kodanan kelalen tak entasi, sop kaki ayam ya kasinen kelalen tek wenehi uyah ping pindho. Lha momongane inyong ya meh wae telat metu sekang ngomah, padahal ana acara poto-poto nang mall, ngesuk mau inyong wes janjian karo bose.

Kepeksa inyong terus nyegat teksi ngeblas nyang panggonan janjian karo bos. Tekan nggone wes kliwat 11 menit tapi slamet dening bos ya rung teka, mandan ayem najan mung sepethit.

Let sedela, sekang kadohan katon ayang-ayange bos. Nganggo jaket ireng gede sing pating klewer ngana kae, wajahe keton nek ora bungah. Mendelik nyawang inyong.

"Geneya nganggo klambi kiye?" pitakone nalika isih 5 meteran adohe sekang inyong. Momongane inyong tuli mlayu mapak mamae, mamae ya bose inyong kuwe, ora merduliaken tapi mung mendeliki inyong.

"Deg!" cilaka pitulikur!" bathine inyong kaget. Inyong kelalen nganggona klambi sing wes dipesen karo bos mau esuk.

"Anu, inyonge kelalen. Sorry," jawabe inyong ora wani nyawang raine bose.

"Rike kuwe, mergawe kabeh serba kelalen. Klambi dijarna kodanan ujare kelalen ngentasi, masak ya kasinen kelalen menehi uyah maning. Kiye klambi wes tek tukokna khusus kanggo poto-poto ya lali ora mbok enggokna, kepriben rikane kiye? Ngapa-apa kelalen baen!" si Bos nesu.

Walah-walah suarane ngluwihi bledek bantere, karo mendelik-mendelik karo nuding-nuding pisan. Kiye inyong kaya pesakitan anu kae kaya wong ukuman sing akeh ndean salahe. Wong sak mall nyawang inyong, mbuh mesakna mbuh nyukurna, inyong kisinan temen. Ning ya priwe maning, iyonge ya salah. Ya mung ndingkluk baen, ora mangsuli. Jan persis kaya babu Endonesiyah ngana kae (lha inyone iki ya babu mbok? wkwkwkk...).

"Em keitak lei keh dau keh!" (Koh ora kelalen ndasmu kuwe!)" Waduh mbok...basa Cinane wes metu kiye.

"Kabeh kelalen ngana kuwe, kerja wes 5 tahun kaya lagi wingi sore! Kepriwe nek inyong kelalen gajiane rika, he!" bentakke bose.

"Bos, mbok rika aja kaya kuwe, bos," jawabe inyong alon.
"Enak mbok kelalen gajiane rika!" kandhane bos maneh.
"Rikane ya urung mbayar gajine inyong bulan iki koh," jawabe inyong antarane wedi karo ngempet guyu.
"Me wa? (ngomong apa?)"
"Rikane ya kelalen gajiane inyong koh," kandhane inyong mbaleni ukara rada banter, mbokan bose ra krungu.

Raine bose inyong saknalika abang. Kisinan dewe mbok, embuhlah. Bose ngeblas karo nyendal tangane anake.

"Rika balia!" ujare sekang kadohan.

Oalah bos...mbok rika aja kaya kuwe!"

>>Tulisan Asline


28 September 2010

Tembangan Saru

Ora ngerti judule apamaning sing ngarang lagune

Sapa ngerti umaeh nini lijem aojem
jembut jaran aoran
rante sepur aoupur
purwokerto aoto
tokobaru aouru
rumahsakit aoukit
kidang mlayu aouyu
yuyu kangkang aoukang
kanggo gawe aouwe
wedang kopi aoupi
pilak bunder aouder
sapi galak
nguber-nguber...

Pak Kaji
Breng gedumbreng dumreng
pak kaji tuku gendeng
gendenge ora ayu
pak kaji tuku kayu
kayune lenceng-lenceng
pak kaji kontole ngaceng

Aku ora maraih aring sedulure enyong lu kon pada nembang sing saru-saru apa maning ngomong sing saru-saru, ya ora bener banget. Nek kelakuan otawa owongan sing ora apik, ora dibelajari be wis pada pinter dewek-dewek. Tapi anehe jaman mbien ya enyong ora domaih dang beyungku nek pada nembang kaya gue. Kayane wong tue mbien ngerti nek gue mukur tembangan.

Tesih ana akeh tembangan jamane enyong cilik sing kayane nek cah cilik siki wis ora pada ngerti. Cah cilik ngertine siki tulih tembangane wong gede aliase tembangan sing critakna pacara, sayang-sayangan, lara ati, pokoke tembangan sing lagi update (bahasa kerene) tur lagi digandrungi.

>>Tulisan Asline

27 September 2010

Aneh Nemen Ya

Tanggane enyong jenenge kaki Kiri wonge aneh. Pernah wektu gue ki Kiri ngos-ngosan mbuh tekan ngendi enyong ya ora ngerti.

Enyong : Ki rika jane tekan ngendi nges-engosan kaya gue, ijig-ijig jegong ana nang sandinge enyong padahal ngerti apa ora nek nang sandingku gue ana tembelek pitike.
Kaki Kiri : masa ana mbelek pitik?
kaki Kiri ngadeg niliki sing di dijegongi,
Kaki Kiri : apa ya sih gue tembelek
kambi di dulit trus diambung nempel nang irung.
Kaki Kiri : iya yah tembelek lancung, bener koe luh...
Enyong : rika bae sing wis tek wei ngerti nek gue tembelek ya tesih didulit.

wektu lia ya kaki Kiri tingkaeh aneh maning.
pas nganggo pit bareng kambi enyong, pas nang tengah dalan bane njedor.
Wis ngerti bane njedor ya tesih dipejet-pejet.
Jane kepriben nek kaya gue, wong tukang ngeyelan apa ya gue?

Gie critane anake kaki Kiri jenenge Ambar. Pas nang sekolahan nang buguru ditakoni
Ibu Guru : mbar gie apa wacane
Ambar : sa sa
Ibu Guru : dadi diwaca apa mbar?
Ambar : micin
Ibu Guru : Owalah mbar ambar janjane koe priben sih?

>>Tulisan Asline

25 September 2010

Wedang Kendel

Mbasa enyong wis mandan gede tingkah lakuku ya mandan berubah, wis ora mbajug maning, wis ora metikal maning, wis ora ngabis maning. Pokoke klakuan sing ora apaik ya mandan tek kurangi.

Nang enong tek rasak-rasakna nek wong sopan diormatine pol koh nang ewong lia, mangkane enyong saiki pengine trus blajaran dadi wong sing apik, ya men ora kewalan.

Pernah enyong dolan meng umaeh batir sekolahku (wedon loooo....) hehehehe :) lana si gongapa wis gede tolane meng umaeh calanang bae. Enyong dolan nang umae batir wedonku sing wong tuane ya bisa diomongna wong ora due tapi wonge ya apik banget, ngargai banget aring tamu.

Cepet ritane kaya gie
enyong tekan umaeh paijem langsung bae salam, mlebu, salaman karo ramane paijem, jegong.Let ora sue beyunge paijem mentu tekan pedangan kambi ngawa wedang....
monggo wedang kendele di inum (mboke paijem ngomong kaya gue aring enyong)
nggih mbo (enyong nyemauri kaya gue kambi bingung, nang pikiranku wedang kendel sih apa ya?)
trus mboke kambi bapake paijem lunga mengsawah, pikiranku ngomong maning. Long wong tuane paijem koh apik temen ya...
wis mandan sue enyong ngobrok ngalor ngidul kambi paijem sampe lambene doer, sampe bingung arep ngomong apa maning.
jem enyong balik disit ya wis sore gie koh ndakan beyungku ngoleti enyong. enyong pamitan karo paijem
oya mas, maturnewun banget ya wis dolan meng umah ku, ati-ati ya mas.... paijem semaur kaya gue

Mbasa nang ndalan aku tesih kepikiran kambi mboke paijem. Ko mboke paijem ngomong monggo wedang kendele di inum. apa sih ya wedang kendel? ko wedang-wedang kendel.

Mbasa tekan ngumah aku takon aring beyungku, yung wedang kendel sih apa?

owalah no parno koe orangerti wedang kendel?, wedang kendel gue ya wedang sing ora ana batire biasane wedang sing disuguhna meng tamu tapi ora ana batire alias wedang-wedang tok. Mbeyungku jawab pertakonanku kaya gue kambi ngesul sirahku.
oh kaya gue ya yung... :) enyong kambi nguyu setitik

yawis pada nginum wedang kendele dewek-dewek ya enyong arep mangkat mengsawah ndaud.

>>Tulisan Asline

23 September 2010

Seni Budaya Aja Diributna Bae

Padang wulan sing sering teka nang tanggal 13, 14 kambi 15 tanggalan jawe gawe seneng enyong kambi batir-batirku sing sebrayan. Jerene wong tua nek ana padang wulan tulih ana Nini Towok lagi nangring leyeh-leyeh nang wulan. Ndeleng enyong kambi batir-batirku sing agi dolanan umpet-umpetan, apa deleng batirku sing agi mlayu-mlayu dolanan baron, sing mukur delengna tok ora melu dolanan ya melu didelengna nang Nini Towok. Pokoke nek wengi wulane padang jemrang Nini Towok seneng, nyenengna bocah-bocah kambi lampune sing padang nyorong meng bumi. Pokoke nek padang wulan bocahan pada seneng banget, kayane ora ana sing bisa nyainyi kecuali wengi lebaran.

Wakeh dolanan wektu enyong esih cilik sing siki kayane wis ora ana sing nerusna dolanan gue. Ana werna-werna dolanan jamane enyong, kaya umpetan-umpetan kambi baron ya gue dolanan sing paling disenengi, tapi ya esih ana akeh maning dolanan sing nyenengi banget kaya mobil-mobilan sing digawe kambi pring, slompret kambi damen wit pari, kambang kampul sing digawe kambi lemah dicemplungna banyu bisa kemambang, cilik ireng mblondo atos ya gue jenenge entis-entisan sing mirip dir. Wis pokoke akeh banget dolanan lan tembang-tembangan jaman mbiyen, jamane nyong cilik. Salah gede nepol nek siki ana sing ngomong "masa kecil kurang bahagia" kayane sing ngomong kaya gue ora ngerti cilike enyong kambi batit sebrayanku, apa sing ngomong gue cah kotan kota sing ngertine nang jero umah bae nek metu ya paling sekolah.

Jaman wis terus berubah banget seni-budaya sing kudune diingu utawa diurip-urip malah ora ana sing nerusna. Ya nek jarku ya ora salah nek Malaysia arep ngurip-ngurip budayane dewek tapi enyong be ora trima nek Malaysia "mematenkan" seni budayane dewek. Apa jane enyong kambi batir-batirku kon dadi cah cilikmaning? kayane ya wis ora mungkin ya... hehehehe.

Gie enyong arep ndabrul/cerita karo sedulur kabeh ya. Nek nang Malaysia tulih akeh sedulure dewek sing wis ketbien banget. Jerene sih wong landa sing mindaih meng Malaysia, sue-sue wong sing digawa gue pada manak trus sue-sue maning tamba akeh, tambah akeh. Wong Jawa nggawa seni-budaya jawa, wong batak ya gawa budayane batak, wong Sulawesi ya nggawa seni-budayane wong bugis pokoke setiap daerah nggawa seni-budayanee dewek-dewek. Dadi nang kene (Malaysia) seni-kebudayaan akeh sing  kembar kambi Indonesia jalarane pada diwarisi nang wong tuane sing jane rama-beyunge gue ya tekan Indonesia tapi ngertine ya seni-budaya diwei/warisan wong tuane. Sing dadi masalah atau sing sering diributna sampe-sampe arep adu jotos apamaning perang. wiiiiss ora pantes banget gue lah nek jar ku. Peraang apa gelutan sing menang dadi areng sing kalah dadi awu.

Ndeleng sedulure enyong saiki pikirna ya...
seni-budayane wong Indonesia akeh banget tur apik-apik banget tapi ya guelah ketone ko ora pada gelem ngurip-nguripna maning ya? apa jane pada isin apa gengsi ya, wis ora gelem maning. Terus tanggane dewek Sing Jenenge Malaysia, sing jane ora jelas seni-budayane pengin banget ngaku seni-budayane dewek ben bisa ngelebokna wong-wong bule pada teka meng Malaysia. Nek ake wong bule pada meng Malaysia kan bisa ngurip-ngurip perekonomiane Malaysia. Njajal ora sih nek dipikir-pikir seni-budaya jane penting banget. Siki sapa sing kudune bisa ngurip-ngurip maning ben ora ilang apa maning dijaluk nang tanggane dewek.

Siki nek cara enyong aja pada ribut, aja pada nyalahna tanggane dewek (Malaysia). Sing perlu dideleng ya Negarane dewek. Priben sih wong-wong sing nang kana sing pada nganggo dasi, sing jerene wakile dewek (rakyat cilik), apa jane nang kana pada mikirna rakya cilik apa mikirna wudele deweke. Apa maning kon mikirna seni-budaya sing jane bisa salah siji modal sing apik kanggo ngundang bule-bule kon teka.

Ayulah pada ngomong ngapak maning, ben ora dijaluk nang tanggane dewek.
Ora usah isin apa maning gengsi... :)

Opera Sabun Dulit

Kiye ceritane Kaki Sudrun agi ning Pasar Pon, arep belanja mbako. Soale persediaan mbako minggu wingi uwis entong. Kaya biasane, saurunge mangkat Kaki Sudrun mesthi dandan, bebed sarung goyor Pekalongan, pasangane klambi batik lengen dawa warna coklat lemah. Sirahe dipasangi songkok. Ora ketinggalan sandal capit sing uwis bolong ning bagian tungkake. Pokoke angger uwis dandan kaya kuwe, Pak Karno bae esih kalah ngganthenge.

“Rumangsamu Druuun… Drun” inyong gedheg gedheg endhas ndeleng polahe Kaki Sudrun sing tambah pethakilan ora nggenah.

“Gyeh Plun, angger arep crita kari crita baen, ora usah milu-milu” Kaki Sudrun njawab karo nyingcingena sarunge nganti tekan sandhuwure dhengkul. Bar udan sadawaning wengi. Dadi Mandan cebrik dalan ning kios Pasar Pon, apa maning ning nggon sing biasa dinggo dodolan wedhus.

“Drun, kiye kan nyong sing agi crita, lah critane rika maring Pasar Pon kan arep tuku mbako, deneng malah klayaban maring nggon dodolan wedhus, jal?!” inyong protes.

“Lah ya salahe kowe Plun, ora bisa ngerem” pancen ngeyelan kaki kaki sing siji kiye.

Ya uwis, siki maring bakul mbako.

Kaki Sudrun mlaku kedimik kedimik alon alon nggoleti bakul mbako sing nggone dhasar dodolane ning sebelah kidul, Mandan edek maring dalan aspal.

“Kaki Sudrun, kiye ning kene mbakone!” bakul mbakone ngundang Kaki Sudrun sing agi clingukan, karo mbenerna songkok sing menceng.

“Rika waras mbok?” bakul mbakone takon maning

“Alhamdulillah, pangestune” Kaki Sudrun njawab, terus ndoprok ning ngarep dodolan. Matane plirak plirik milih mbako sing kira kirane cocok karo kepenginane.

“Arep mbako sing model keprimen kuwe Ki?”

“Ya sing enak tur murah!” sakenane bae nggone njawab, karo mlirik Kaki Kanthong sing ana ning sebelahe.

“Drun, ora usah kakehen sengek, kuwe nggone rembugan tuku mbako sing mandan cepet ngapa lah, nyong agi ora kepenak ngawak koh. Males nulis kedawan!” nyong milu ngomong.

“Iya Plun. Santai kaya di pantai sih ngapa lah” jawabe Kaki Sudrun mblengeri. Karo nglinting.

“Iya jan Kaki Sudrun, rika ana duwit pira jane Ki? Arep kukud kiye. Wis awan!” bakule ngomong karo ngetung bathen.

“Sepuluh ewu, tapi nyong tuku rega mang ngewu bae. Jujulane arep nggo tuku srotone Sartu” Kaki Sudrun njukut dompet sing bahane sekang anyaman godhong pandhan, “Nyah kiye, mang ngewu bae ya!” lanjute nggenahna maring bakule.

Duwite detampani daning bakule, terus sibuk mbungkus mbako sing kwalitas nomer loro maring plastik.

“Deneng semending temen kiye mbakone?!” Kaki Sudrun mrengut karo nampani bungkusan mbako sajujule.

“Lah, kuwe ya uwis tek imbuhi koh Ki” jawabe bakule karo mberesi dagangane.

“Apa temenan mbako enak kiye?”

“Enak kuwe Ki, sing paling jos pokoke lah”

“Pinter temen rika bakul, ya nyah kiye jujulane nggo tuku sisan bae lah, nyong ora sida nyroto. Mending kencot timbang ora udud” Kaki Sudrun nyengir.

“Drun, rika jan kebangeten banget, kwalat mengko!” nyong tambah ora tahan nyawang polaeh Kaki Sudrun.

“Kwalat primen Plun?”

“Pokoke arep tek gawe njengking rika!”

Butul nang ngumah, Kaki Sudrun weruh Ninine lagi masak ning dapur. Kringete katon rengosan.

“Ni, nyong bali” Kaki Sudrun mlaku maring dapur. Njagong ning kursi mangan, “Ni, rika wong agi masak apa agi tinju sih, deneng kringete rengosan?”

“Lah, rika maning Ki. Ya agi masak kiye, masak jamur lember kesenengane rika” Nini Sudrun njawab, “Srotone Sartu olih mbok?”

Kaki Sudrun bingung. Kemutan pesenane ninine. Kudune mau jujulan sing limang ewu kuwe nggo tuku sroto, tapi uwis kadung dinggo tuku mbako kabeh gara-gara rega limang ewu kur olih mbako semending.

“A… anu, rega mbako siki mundhak Ni, dadi duwite nggo tuku mbako kabeh” Kaki Sudrun njawab karo clithutan.

“Apa?!” Nini Sudrun kaget kaya bar krungu gludhug.

“Iya Ni, sumpah lah. Jal nganah takon karo bakule nek ora percaya”

“Bakule wis bali!” Nini Sudrun tambah kesuh, “Byanganane! Pokoke mulai siki, rika ora bakal tek nggawekna sambel ikih!” Nini Sudrun ngomong maning karo ngentas jangan jamur lember sing uwis mateng. Dewadaih piring sing bahane sekang wesi seng, terus desogna ning meja ngarepe Kaki Sudrun.

“Kari mangan kuwe, terus mangkat ngalas nganah. Mbedhegel rasane weruh rika Ki”

“Lah sambele mendi?!” Kaki Sudrun clingak clinguk.

“Ora ana sroto, ora ana sambel pokoke!” tambah dhuwur baen suarane Nini Sudrun.

“Rika tah ora bener kuwe. Ora adil. Wis deomong rega mbako mundhak…”

“Ora urus!”

“Sambele mendi?” Kaki Sudrun takon maning.

“Bodoa, pokoke ora ana jatah sambel mulai siki!”

“Jan, nyong agep nangis kiye Ni angger ora ana sambel temenan”

“Ya temenan, nangis kari nangis ngonoh. Ora urus!”

Krungu Nini Sudrun ngomong kaya kuwe, Kaki Sudrun mlayu maring dalan ngarep umah. Glungsaran, nggejol nggejol ning dalan karo nangis nggerung nggerung. Dandanan sing jere paling necis siki wis ora karuan. Sarung goyor sing maune klimis, siki wis ucul kepancal sikile Kaki Sudrun dhewek.

Tanggane sing pada krungu suara nangise Kaki Sudrun siki pada ngrubung. Sibuk ngeneng-ngenengi. Ana sing nggawa permen, ana sing nggawa beneman budin, ana uga sing nggawa godhogan angkrik.

Tapi dhasare Kaki Sudrun angger uwis duwe kekarepan: “Pokoke oraaa, nyong kepengin sambel gaweane Nini Sudruuuunnn” jawabe Kaki Sudrun karo nangis ngangseg-ngangseg.

Nini Sudrun sing weruh bojone agi nggo rubungan tanggane dadi ora tega. Tangane sibuk uthak athik nggawe sambel, terus mlayu marani Kaki Sudrun sing esih glungsaran ning dalan ngarep umah.

“Kae sambele uwis tek nggawekna, kari depangan nganah. Aja nangis ning dalan, isin!”

“Temenan Ni?” raine Kaki Sudrun katon sumringah.

“Ya temanan, kae wis tek siapna ning meja”

Kaki Sudrun menyat. Detuntun Nini Sudrun mlebu maring ngumah, terus labas maring njero, maring nggon sing biasa nggo mangan bareng.

Sega ning cething, jangan jamur lember sapiring, lan tempe limang iris degoreng garing. Ora ketinggalan sambel sing mbene degawe Nini Sudrun saciri munthuk.

Debayang-bayangna, Nini Sudrun pancen bojo sing paling eman. Wis digawe elek daning Kaki Sudrun bae ya esih gelem nggawekna sambel.

“Nyah, kari mangan ya Ki, sing akeh. Men rosa nggone macul!” Nini Sudrun ngomong karo ngewehna sega salawuhe ning piring maring Kaki Sudrun.

“Iya Ni, matur nuwun ya. Rika jan pancen bojo sing paling ayu” Kaki sudrun cengar cengir ora ngrasa salah.

Kaki Sudrun nggone mangan katon enak banget. Jamur lember, tempe sing de goreng wuda (maksude ora desogi glepung) karo sambel pancen menu kesenengane Kaki Sudrun kawit cilik.

Ora nganti limang menit bae sega karo lawuhe wis meh entong. Cirine ya wis meh klimis.

“Enak mbok Ki sambele?” Nini Sudrun takon.

“Enak Ni, tapi deneng rasane Mandan-mandan pait yang, ana sepet-sepete mbarang” Kaki Sudrun mulai sadar, rasa sambele ana sing ora beres. Cangkeme ngumpluk.

Angger Kaki Sudrun ngomong, sekang cangkeme metu plembungan sing gedhene werna-werna. Ana sing sa-dir, ana sing sa-bal kasti. Wetenge juga mulai krasa mules ora karuan. Nini Sudrun kur cengar-cengir weruh keadaane Kaki Sudrun.

“Ni, kiye sambele… deneng…?” Kaki Sudrun ora kuat nerusna omongane.

“Sambele primen Ki?” Nini Sudrun ethok-ethok ora ngerti.

“Sambele deneng rasane suwe-suwe ora nggenah. Ana pedes, ana pait, ana sepet. Wetengku juga dadi mules banget kiye jajamara!” Kaki Sudrun nyekeli wetenge.

“Hahaha, kapok rika Ki. Kawuus… kuwe sambele mau anu tek campuri sabun dulit, karo awu sing nggo ngasah-asahi piring. Hahaha… “ Nini Sudrun malah ngguyu kepingkel-pingkel.

Uwis ceritane yang sedulur, kiye nyong agep ngeterna Kaki Sudrun maring puskesmas disit. Mbokan temenan modar, sapa ngerti esih kena nggo bahan cerita maning kapan-kapan. Sekalian nyong juga pengin priksan. Mandan ora penak ngawak sithik.

Uwis ya.

Klanuuunnn…

KR, September 2010.

Slamet Hidayat Wikarto

>>Tulisan Asline

21 September 2010

Lucu Tur Saru

Suluh kuwe tekan siki esih tetep kanggo nggawe walopun pemerentah wis nganakna konversi minyak tanah meng gas, tapi masyarakat pedesaan ya esih tetep bae akeh sing migunakaken suluh lewih lewih nek lagi nduwei gawe mbuh nggo slametan apa mbarang nggawe alias hajatan

Winginane pas nggone kaki Kodir mbarang nggawe nyepiti anak lanange uga ngganggo suluh, mulane ngantek ana kejadian sing lucu tapi ya mandan saru.

Nek wong njawa kan esih nganggo prinsip bebrayan, dadi seumpamane tanggane nduweni perlu ( mbarang nggawe ) ya tangga tanggane pada rewang. Pas kaki kodir mbarang nggawe nini Jaemah tanggane melu rewang, lha deweke kebagenan dadi padang ( tukang liwet) sing manggone mesthi neng sanding pawon.

Jenenge be rewang mesthine ya nganggo sandangane sing mandan petha, nini Jaemah nganggo rok sing dawa, saking landunge nek mlaku roke be ngantek kangsrah lemah.

Wis dadi kebiasaane wong wedon neng endi-endi nek pethuk ya mesthi bae ngecebrek pada dopokan ngrasani wong liya, wong nini jaemah maning ora patut wong tau diaruih wong kon aja seneng ngrasani eleke wong liya malah semaur ''lha kon priwe? Pa enggane ngrasani cemendil wedus? Ya nganah kowe bae nek doyan'' mbok kasus nek kaya kuwe carane.

Wong genah-genah liwet be nganggo suluh malah nini Jaemah ketungkul dopokan bae karo nini Giyem trus nini Sikem, dadi klalen sulueh ora di segok-segok ( disurung lebokna pawon) sidane genine mulap-mulap, nini jaemah ndopok bae ora krasa lamona roke sing kangsrah lemah kesumed.

"Yuu yuu kuwe roke rika murup" Nini sikem nyidokna.
"Aduh..tulung tulung"

Nini Jaemah panik mlayu mentu mengarepan, tamu sing agi pada mangan karo jagongan ya sidane pada ngadeg ngrubung, dadi ra nggenah butueh. Giran (putune) sing lagi rewang teka langsung nulungi, jenenge be keadaan darurat ora mikir werna-werna penting ninine kuwe slamet, langsung bae disebrot roke. Lha mbok kasus kuwe, nini-nini enggane cawetan thok di rubung wong pirang pirang, ngisin-ngisinaken banget butueh.

Bojone nini Jaemah sing lagi leyeh-leyeh nengumah krungu, melu bae gisus penasaran ''anu ana apa rame-rame jane'' mbatine kaki Supin, jane kaki Supin kuwe anu mung sarungan thok tapi berhubung penasaran mlayu bae mereki.

"Ana apa yah Ran rame temen?" kaki Supin takon meng putune.
"Oalah jan rika deng sarungan thok? Wis siraeh gundul kaya kuwe, sarungan thok maning, kaya maling bae luh"
"Set, bocah mbajug rengan, ditakoni malah madha"
"Kae ninine cawetan thok,miki roke kobar, kuwe sarunge ngeneh ki nggo nutupi ninine"
"Anu, e, anu kae Ran.." Kaki supin ngomong karo bingung.
"Jann..ana anu ana anu apa jane? Kesuwen ngeneh"

Giran nyebrot sarunge kakine, genah ditakoni kesuwen sih, dadi ora sranta.
"Huseeet !! Rika lelewane, deng malah gobal-gabel ki?"
"Oooooo, digilmu wong nyong kathokan ora malah, Putu saru rengan"
"Ngomong ya ki.."

Lha priwe arep ngomong, masa iya neng ramean ngomong nek ra kathokan. Sidane kaki Supin mlayu nuju umaeh, ra ngurusi sarung sing kadung dilorod putune. Wong sing ana neng kono pada nguyu lata-lata, ndeleng kaki Supin sing mlayu, siraeh gundul kaya thuyul kawak sing ora kathokan.

Sidik nurohim

>>Tulisan Asline

18 September 2010

Jembatan Petir Kegawa Banjir

Banjarnegara - Jembatan nang Dukuh Sembir, Desa Petir, Kecamatan Purwonegoro ambruk ketabrak banjir sekang kali Lebak Menak. Padahal jembatan sing mbangune dibiayani PNPM Mandiri nembe rampung 25%. Jembatan sing nyambungna Dusun Krinjing wis ngentekna duit Rp 39 juta sekang total anggaran Rp 147 juta. Buis beton alias gorong-gorong limang iji katut kegawa banyu. Material watu karo wedi ya pada ilang.

Ketua tim pengelola kegiatan (TPK) Desa Petir, Khadirin, wingi  (17/9) ngomong nek desain jembatane arep derubah men ora ambruk kenang banjir maning. Maune desaine nganggo jenis limpas banjir. Trus rencanane arep deganti dadi tipe jonggol. Desain limpas banjir nganggo gorong-gorong pancen gampang dadi penyakit. Nek mampet wujude malah persis bendungan.

Gara-gara pondasi jembatan sing ilang, penduduk sing arep liwat dadi kangelan. Jaman urung dibangun malah jerene gampang dinggo nyabrang. Siki kondisine dadi ragenah akeh logakan sing ketutup banyu. Arep ngelangi ya angel wong nyabrange nggawa montor apa mobil. Masa ngelangi karo manggul montor.

Kasubag Pengendali dan Pengawasan Kegiatan nang Bagian Pembangunan Setda Banjarnegara, Yogo Pramono wis prentah meng pengelolane kon gagian laporan masalah kerusakane. Mena kalebu force majoure, tetep bae kudu diitung. Sing penting ngitunge sing temenan ya, pak. Aja ana sing mlebungesak.

Inyong sing waras apa rika sing gemblung?

Yah ketemu karo nyong maning kieh, ngerti ora ? kie nyong ternyata nembeke nyadar.. nyadar nek nyong kie waras. hua hua..brati gemiyen-gemiyen ora waras?? walah jan kancaku jebule gemblung..wakaka Dadi tulisan kie anu mbahas alah jane ya anu udu mbahas kayongen nek mbahas basane terlalu duwur alias keduwuren, dadi anu ngulas nek wong kuwe kadang waras kadang gemblung[a1] . haha penasaran rika mbok? jane rika kuwe waras apa ora ya? haha tambah penasaran lan mandan jengkel nek rika dearani gemblung ndakune..haha

Kieh sekie nyong karo rika itung-itungan sapa njajal sing gemblung sapa sing waras..sing waras ngalah, yawis nyong ngalah bae lah.. Alah paling rika mengko ngaku, ngaku ora nek rika gemblung.. wis mending ngaku sekie bae dari pada kisinen mengko nek setelah maca tulisanku kiye nyatane rika pada  bae gemblunge karo Kaki Darkim sing gawene mlaku-mlaku turut ndalan karo wuda nitori tegesan pitu nenem.haha rusak-rusak.

Ayoh dimulai itung-itungane:

[Siji], kiye bagine rika sing barusan putus atawa nembe ketemu karo pacar/gadis pujaan.. ngaku ora nek rika pas ndeleng bandul kunci sing dewein neng pacare atawa gadis pujaane rika kuwe koh nek rika kelingan bae brati tandane rika nembe ngalami proses geblung. Gemblung Asmara. haha.

[Loro], sekie bagine rika sing seneng tukoni dalbor, ngerti dalbor ora? dalbor kuwe kata lain dari Marlboro.. nek ora ngerti Marlboro ya kebangeten banget lah.. Marlboro kuwe rokok kesenenganku mbiyen pas jamane nesih ndalbor..dadi nek rika nesih seneng nukoni dalbor alias rokok sampe jatah jajan sangune anake atawa jataeh bojone rika denggo tukoni rokok dalbor brati rika nesih dikatakan lan melbu maring wong sing gemblung..Gemblung Dalbor. wakaka

[Telu], kiye kieh sing paling penting. aja ngantek rika ora maca !! dadi poin sing nomer telu kiye nyong ulih sekang bloge ngewong, dadi intine nek rika nesih sering ngaku-ngaku awake lan atine ngaku-ngaku atawa ngerasa sing paling bener sing paling apik ,sing paling unggul, sing paling wah, sing paling sugih, sing paling khusu' nek slolat, sing paling rajin, sing paling cepet guli macul, sing akeh guli ngarit pokoke apa bae sing ngerasa paling wah dari pada wong liya kuwe tandane brati rika kegolong wong sing gemblung. gemblung e ora apik pisan lah.. 
 
Pokoke rika aja ngasi dadi sing poin nomer telu kuwe, kayongen nek gemblung poin siji karo gemblung poin loro tah ora apa apa.. tapi nek wis gemblung sing nomer telu kuwe wis jan bener-bener rusak-rusak.. Nek mau ana Gemblung Asmara Terus Gemblung Dalbor sing kiye tek arani Sing Paling Gemblung. hua huma

Dadi rika kabeh kudu nyadar aja dadi Sing Paling Gemblung ya.. keyword: Inyong sing waras, apa rika wis waras? rika sing gemblung ? inyong anak sehat, gemblung e rika elek, gemblung ora gemblung sing penting waras, sing maca melu gemblung, ora gelem maca lewih gemblung, nek kaya kiye jane sapa sing gemblung? logat ngapak pancen njeplak, ngapake rika kayangapa? kie blog e wong ngapak , nek rika gemblung anggone kaeh delebokna bae maring "Ruang Sakura ne RSUD Banyumas". Semene bae lah, haha Ternyata inyong nesih waras, ora gemblung muga-muga manfangati.amiiin

>>Tulisan Asline

Mendhem Kecubung

Pas kae sore-sore nyong diprentah nyangan kacang brul kone ninine.Kacang sing arep disangan kue warnane kaya wis mateng, coklat tuwa. Dadine tek cicipi siji. Elah dalah malah tesih mentah. Rasane ya anu getir ora nggenah. Terusen tek ledekna. Bar kuwe nyonge ngikik dewek kemuatan kedadean mbien jaman esih cilik.

Dong SMP nyong nduwe kanca dolan sebrayan wedon kabeh. Nek siki ya arene geng mbokan. Se-geng bocah pitu karo nyong. Esih se-dusun dadi umaeh ora let adoh. Nyong, Yulis, Nur umaeh gonggoman kulon. Dian, Ari, Tiwi segrombol bagean tengah. Lha Susi nyingsal belah wetan dewekan.

Saben sore bali sekolah uwis langganan kumpul nanggone Dian. Biasane nonton pilem india bareng, lutisan, masak-masakan, utawa rujakan. Nek arep ngrujak bebek ndadak kiter disit njaluk pace, jambu ceplis, apa pakel meng tanggane. Dasare kabeh criwis pinter ngenyis ya anu pesti ulieh nang sing duwe umah. Terus bumbune urunan. Ana sing bagean nggawa lombok, gula jawa, trasi, bawang, kemiri, lenga jawa, gula pasir nggo pranti masak-masakan kue. Biasane pada nyolong nang bedangane biyunge.

Nang sewijine dina ana sing sejen. Bocah pitu kumpul nanggone Yulis sing umaeh let seumah tok mbi nyong. Nu rama biyunge yulis lagi ora nangumah sih dadi yulis kon tunggu umah. Nangkono ora nana sing bisa dilakokna kejaba ndopok, ngenyis, ndlepus, ndabrul, karo ngguyu lakak-lakak.

Amarga nang njero sumuk,bocahan ngaseng mentu njaba. Nang tritikan mburitan pada nglekor nang lemah mung didasari sandale dewek-dewek. Susi ijig-ijig ndengar weruh wiji ireng sing gedene sejempol sikil.
"Kae sih apa yul?"
"Kae sing dijenengi wiji kecubung. Enak tulih. Tapi ora kena mangan akeh-akeh." Yulis sing duwe umah nidokna meng batir-batir liyane.

Nu bocah mondol kabeh ya tembe ngerti rupa kecubung. Ujar-ujare kit mbien kecubung kue jenengan kewan. Dasare jiwa ngglasak tur rai badogan,krungu panganan enak ya langsung nggragas. Sidane kabeh menyat nggoleti genter nggo nyogrok. Wite duwure kira-kira patang meter. Gentere be dipelalaih nyelang nggone tanggane. Kebeneran bocah pitu duwure rampag.Dian sing paling enom tapine awake paling jéger dewek kebagean kon nyogrok. Ndengar-ndengar ngasekan gulune cengeng malah kur tiba telu. Sidane digepyok segodong-godonge ben pada ambrol. Mbarang ulih akeh, kabeh nyekel wiji siji-siji, diceti bareng, dipangan bareng. Eh, pancene enak. Rasane kaya ketapang utawa wiji mete.

Terusen ana biyunge nur teka.Weruh bocah-bocah ora ketang anake be melu mangani kecubung,wong kue ya wis ora ina ngelingna nek panganan kue mendemi. Nur, Yulis, Susi mandeg ora mangan maning. Tapine bar biyunge Nur lunga, nyong, Tiwi, Ari, Dian nglanjutna mangan lewihane sing esih akeh. Tanggung nek ora dipangan eman-eman.

"Masa mangan kaya kie mendem? Apa ana setane gelem ngrasuki?" nyong nyemlong karo ngeplok wiji sing isine putih. Ujarku sing dijenengi mendem kue ya mong deng mong thiitt mong deng mong burr kaya ebeg lagi mendem. Dadine ya tek pikir ora mungkin blass. Gumune batirku bocah telu kue ya meneng bae mangan bae. Mbarang uwis ntek gari pada bali meng umaeh dewek-dewek.

Nangumah nyong ijig-ijig wetenge lara. Dela-dela muntah-muntah karo meng mburi baen,anu mencret. Rama biyungku bingung. Nakoni ngangapa ngantekan kaya kue. Tapine nah nyong urung sadar nek kie gara-gara mangan kecubung ya melu bingung. Sidane bar maghrib priksa meng mantri dusun sebelah. Nangkana mantrine njedek nek penyakit kue gara-gara keracunan. Pas kue nembe sadar nek nyong keracunan wiji kecubung. Owalah...berartine kie sing dijenengi mendem? Tapine tek batin tok nang ati,ora wani crita mbok domaih.

Ngesuke se-dusun geger ngerti brita kie, utamane gonggoman tengah. Soale Ari waleh meng biyunge. Terus biyunge kue kanda-kanda meng tanggane. Sidane ya gutul kupinge ramane Dian karo biyunge Tiwi. Laaahh..uwis marem kena semprot kabeh. Nyong umaeh belah kulon mandan aman ora ketang mung sedela. Sorene mbasa biyungku ngerti ya tetep ora keri melu domaih.

"Bocah koh ora gelem ngomong nek tes mangan kecubung. Ngertia kaya kue tulih ora perlu dipriksakna!!"

Nyong ngrasa salah ya meneng bae.

Dina kang Padang Kanggo Jiwa-jiwa sing Sepi

Munggaih undak-undakan kang ditata ngastiti
kiwe tengene tanduran pinus lan jati
duwur malur-malur nanging tetep nganggo ukur
aweh pengiyuban sedawane dalan
sekang srengenge sing ngawe-awe karo panas lan silone

Suket ijo royo-royo nambaih eloke rupa
nduwur godong banyu bun meling-meling durung garing
ketambahan kembang abang jambon kuning
gemah ripah nyemburna indah
nyempurnakna megah kuasane Ingkang Agung

Lelakon manungsa ora adoh kang dosa
dewekan apa loroan tanggungane ora pada
pengeling-eling utawa penggoda lumrah gawan sing duwe pasangan
mula kudu ati-ati aja ngasi kebandrangan

Tembe sepertelu ulihku mlaku
alon-alon jekelan waton
klakon ra klakon urusane Sing Kuasa
wong urip tugase mung dedonga lan usaha

Sekang keyip-keyip mripat sipit
seduwure kadohan kerlip-kerlip abang mbranang
panggonan sing diarepna kabeh pasangan
bisa aweh pepadange ngati
padang dening penguripan uga pernawangan

nanging sikil iki wis ra kuat niti
nerusna munggah ra nana sing nanting
mudun pun bisa tiba kebanting

apik mendingan mandeg
nonton gegodongan, suket-suket, lan kembang-kembang pada nari
dibatiri manuk-manuk, kodok, kan jangkrik bebarengan nembang Maskumambang

>>Tulisan Asline

Bis Mlebu Jurang Nang Karangreja

Purbalingga - Bis jurusan Puraketa - Pemalang mlumpat meng jurang sing jerone 30 meter nang dukuh Bayeman, Desa Tlahap lor, Karangreja dina kemis (16/9) sekitar jam setengah lima sore. Bis sing nomere R 1464 EA ora kuat manjat, mundur maning trus bablas meng jurang.

Jere sing pada nonton, bis sing penumpange kur wong 7 sisan supir, manjat ngasi ngeden seporete. nek menungsa ya kayane ngasi kepesing mbarang kuwe. Wong keneke be esih kober mlumpat trus ngganjel ban mburi bis nganggo watu, tapi gagal. Nggolet watu sing lewih gede, ndilalah rakuat njunjung. Arep deganjel dengkul kayane eman-eman.

Esih jere sing nonton. Ndeleng keneke ora bisa nganjel, ana bocah cilik sing arep melu mlumpat. Mbuh saking wedine mbuh anu arep ngrewangi keneke. Tapi nang lawang bocah kuwe tungkul ngundangi bibine sing malah gatholan bangku nang jero bis. Sidane bocah kuwe melu anjrut meng jurang katut bise.

Nek Jere Kapolres Purbalingga AKBP Ruslan Efendi, tapi anu rakober ngomong dewek dadi diwakili Kanit Laka Satlantas Purbalingga, Ipda Partono, kondisi dalan asline lagi sepi. Pancen panjatane lumayan dawa tur duwur. Dadi kayane anu tekat ngoper gigi kuwe supire. Nyupir cokan disambi smsan ya kaya kuwe dadine.

Untunge, wong Jawa pancen, cilakaa jere esih untung. Untunge nang pinggir jurang akeh wit-witan. dadine gole tiba ora banter banget. Dadi sing luka ora patia parah. Korban degawa meng puskesmas Karangreja tapi trus dirujuk meng RSUD dr Goeteng Tarunadibrata Purbalingga.

Korban sing esih dirawat intensif nang ruang IGD RSUD jenenge Purwanto (26) warga kec Jatinegara (Tegal), Irwan (15) (keponakan Purwanto), Tarwan (49) Jatinegara, Anisah (24) bojone Purwanto, Alvian (9 bulan) anake Purwanto, Andi (32) sopir trus kenek Kayubi (40).

Bise esih nang jurang rung dijukut soale medane jere angel. Jere maning mobil dereke kurang memenuhi syarat. Apa anu petugase ora teles, mbuhlah...

Maling Batubara Nekat Nyebur Laut

Cilacap – Maling sing lagi nyolong ( maling ya lagi nyolong lah, nek lagi ngaji jenenge insap ) batubara nang tongkang sing arep meng PLTU Karangkandri kewenangan nang Satpolair Cilacap. Sing loro bisa kecekel, sing siji nekat nyebur meng laut. Maling nekat sing jenenge Supriman (27) kuwe warga dalan Karangsuci RT 7 RW 9 Donan, Cilacap.

Petugas Satpol Air Cilacap dingaren koh gelem klinthung meng tengah laut mbuh nggoleti apa padahal tengah wengi wis meh isuk, malem jemuah maning. Weruh ana wong telu lagi pecicilan nang nduwur tongkang terus digrebeg. Sing loro langsung pasrah didemek, sing siji nekat mlumpat meng laut. Maling nek maling oon ya kaya kuwe. Ujar-ujare nek urusan pulisi mesti mlebu penjara ndeyan, dadine kamigilan ngasi go goletan.

Mbuh saking primpene goli umpetan apa anu ora bisa ngelangi. Sing genah nganti siki urung ketemu. Padahal wis digoleti rame-rame karo petugas SAR Wijayakusuma, RAPI karo nelayan, jere pak komendan Satpol Air, AKP Sugeng Hartono.

Wis ayuh pada ndongakna men gagian ketemu. Nyolong sepira ora enggane kudu tekan pati. Jajal nek sing mati ketua dewan karo pejabat sing pada korupsi, jian lillahitangala temenan. suer...




Plesir Meng Cipendok Malah Tiba Njurang

Banyumas - Niate arep plesir dalam rangka badanan, rombongan remaja mesjid desa Tambaksogra, Kecamatan Sumbang, Kabupaten Banyumas kerungkeb nang Karangtengah, Cilongok dina Kemis winginane tanggal 16 September 2010. Arep dipaido genah anu lagi badan. Ora dipaido anu ngapa-apane ora etungan. Masa kolbak dimuati wong 35, padahal anu arep maring Curug Cipendok sing dalane manjate meh kebangeten.

Karno, korban sing slamet nyritakna. Mangkate sih ngeslem. Mbasan bali rime ndilalah blong, mobil ora bisa dikendalikna nganti bablas meng jurang sing jerone 5 meter. Penumpange ana sing katut nang mobil ana sing pada gigal.

Alhamdulillaeh, kang 35 penumpang apes kuwe, ora ana sing mati. Sing luka wong 16 langsung digawa meng RSUD Ajibarang. Sing loro kondisine kritis anu kurugan mobil, nek liyane kur luka biasa karo balunge pada tuklek. Sebagian korban esih dirawat nang rumah sakit. Keluargane wis pada teka, malah ana sing wis bali maning.

Supire sing jenenge Nono (34) esih diperiksa Pulisi sing nyelidiki sebab kecelakaan mau. Pokoke ya siyap-siyap bae, No. Mobile jungkir urusan pulisi. Ora nteng jaran sisan kandange be untung...


Serang Pratin

Benteng Pendhem


Benteng Pendem Cilacap tinggalan Landa kiye jeneng asline "Kusbatterij Op De lantong Te Tjilatjap" sing debangun taun 1861. Anane nang sekidule Teluk Penyu sing ambane 6,5 ha. Benteng pendem kuwe bekas markas Landa sing dibangun nganti taun 1879 sing artine ngasi 18 taun suwene. Maune ketutup lemah ora keurus. Mulai dikeduk tahun 1986 nang pemerentah Cilacap. Sayange wis ora wutuh maning gara-gara kegusur kilang Pertamina separo.

Benteng Pendem dirancang arsitek Landa sing fungsine go nahan serangan kang arah laut kidul bareng karo Benteng Karang Bolong, Benteng Klingker trus Benteng Cepiring. Bangunane esih pergua diubengi solokan pertahanan karo pager trus kekubur 1 - 3 meter nang jero lemah. Nang jerone ana 60 kamer atawa barak, benteng sing go ngintip, ruang tembak, gudang senjata, gudang mesiu, ruang perwira, penjara, dapur, klinik pengobatan karo ruang kumpulan. Benteng Pendem dinggo nganti direbut Jepang taun 1942. Mbasan Jepang minggat negarane dibom atom, benteng diambilalih pasukan TNI Banteng Loreng Kesatuan Jawa Tengah. Benteng dinggo pejuang kemerdekaan latian perang karo pendaratan laut.

Ana sing ngomong nek ana terowongan meng benteng liane karo meng gua-gua Nusakambangan mbarang. Tapi nganti siki urung bisa dibuktikna isune. Kang nduwur benteng Nusakambangan keton jelas banget. Sisan bisa ngintip pelabuhan pertamina sing nang sebelaeh.

Siki benteng pendem didadikna obyek wisata. Apa maning lokasine cedek Teluk Penyu dadine bisa sisan gawe gole dolan. Benteng pendem wis dikumpliti pirang-pirang fasilitas : tempat leyeh-leyeh, gazebo, yunyunan, Kolam Pemancingan trus ana patung dinosaurus mbarang koh mbuh apa karepe.

Tiket Mlebu :


Layanan informasi :
  1. Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kab. Cilacap Telp. 0282-534481
  2. Unit Pelaksana Teknis Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Wilayah Cilacap Telp. 0282-534003
  3. Websete pemda Cilacap

email : diparta_clp@yahoo.co.id
facebook: cilacap tourism

Teluk Penyu

Curug Cipendok


Curug Cipendok anane nang Desa Karangtengah Kecamatan Cilongok Kabupatene Banyumas. Jere sing tau ngukur, duwur grojogane 92 meter. Lokasine nang ereng gunung, mulane hawane seger ora etung. Sepanjang dalan menganah akeh kebon tomat, sledri sing ijo royo-royo mulane gawe betah kaya nyawang kebonane tanggane.

Nek kang Purwokerto sekitar 15 kilo meng arah Ajibarang. Pokoke bar ngliwati pasar Cilongok mengko nemu pretelon meng tengen ana plange gede, Curug Cipendok. Dalane yakin kepenak wis aspal mulus butul gerbang mlebu. Kang gerbang disambung undak-undakan sing wis disemen. Warung sing dodol panganan ya akeh, dadi rasusah bingung nek ora nggawa sangu sega apa wedhang. Tapi nek ra sangu duit ya aja meng warung, mbok malah dibrengkolang srandal.

Nang komplek grojogan ana telaga sing jenenge Telaga Pucung. Bumi perkemahane ya ana. Dadi nek pengin kemah apa pacaran ora kangelan golet nggon. Gari nggawa tenda bisa indehoy. Sing penting aja ngasi gathengan nangkono. Yakin kesambet.

Nek jere wong tuwa, sejarah Curug Cipendok mulai ket jaman perang Diponegoro rampung. Pemrentah Landa prentah meng Wedana Ajibarang sing jenenge R. Ranusentika kon mbabat alas nang pereng gunung. Ndeyan mblenger nunggoni sing kerja rodi, deweke mancing nang grojogan. Pas ana sing narik pancing, olieh dudu iwak. Tapi pendok alias wrangka keris sing wernane kuning. Mulane curug kuwe terus disebut Cipendok.

Curug Cipendok dibukak go masyarakat umum mulai taun 1984. Sing pada dolan menganah ditarik bayaran 6 ewu perak termasuk asuransi kecelakaan. Soale kedunge jero tur akeh watune. Dadi mbok ana sing klelep apa tiba ngasi luka-luka, dijamin nang asuransi. Tapi nek kecelakaane anu bar gathengan nangkono, aja ngarep-arep diwei duit ya. Ora dikepruki hansip be wis untung.

Mayuh dolan nganah...

Pancuran Pitu

Baturraden

1 September 2010

Ngapak Mlayu

Njajal nulis nganggo bahasane dewek ternyata angele pol.  Padahal bahasa ngapak kuwe bahasa sing tek rungokna kit mbene loer kayane luh.  Kawit bayi mestine aku ngomonge ya ngapak, wong nek nang ngumah karo mamake, bapake, binyunge (niniku tek sambat biyung), kakine, mamange, lan tanggane ya ngomonge ngapak.  Mbien nek meng warung la mbene nganggo bahasa mlayu (bahasa palembangan), meng pasar ya kudu bahasa mlayu, tapi jajal siki...ora kur warung thok, meng pasar beh nganggo bahasa ngapak wis ora bakal salah jujulane (beda nek jujulane dikorupsi lo ya)