31 Agustus 2010

Basa Kuwe Ora Ana sing Blaka

Pancen wis dadi kodrate bahasa mungkin yah, nek bahasa kuwe slalune berkembang. Ora mandeg kaya kuwe-kuwee bae (merga ora ana stasiune ndean). Kabeh-kabeh nyesuwekna karo jamane. Mulane kadang sok ngguyu bareng (ora dewekan) nek krungu basa-basa jaman cilik ketone koh kunoo banget. Contohe kaya basa blijing nek wuda klambi, lamuk lan lia-liane. Basa-basa kuwe anu wis jarang dinggo nang bocah siki mbok, mulane sok dadi keton kuno, tur mreguyokna.

BTG (Bocah Tembe Gede) jaman siki ya nduwe basa dewek maning. Jere basa gaul. Ana basa preet lah, ana kasian deh loh lah, meneketehe lah, pokoke akeh lah. Aku dewek sok bingug maca sms se ponakane sing SMP, ndadak di campuri angka. Huruf A mendadak dadi an9ka p4p4t. Tur huruf gedene mbarang pada nang tenGah, ana sing nanG mbuR1. Blas ora nganggo tata bahasa. Padahal ujarku ya nang sekolah di blajari Tata Bahasa. Plothat plathit ra nggenah lah pokoke. Nek di protes ya malah madani om-me ra gaul. jyaaan...

30 Agustus 2010

Foto Hot Anak SMP

Foto Hot Anak SMP, Ngapuntene kakang mbekayu kie inyong nganggo basa daerah maning. Bukane kepriwe lan kepriwe tapi kiye memang seterategi jitu tur ampuh kanggone pencarian neng ngalam google.com, kenangapa? lah soale biasane kiye inyong guli nulis kuwe nganggo basa Indonesia, lah hubungane apa? sing arane google.co.id kuwe wis bisa ngelacak wis bisa nimbang-nimbang jumlah kata sing ana ning blogku.. jerene sih nek sebuah tulisan koh anu akeh kata-kata sing deulang mengko berarti menurute mbah google.com atawa google.co.id  kuwe bisa-bisa tulisane nyong deanggep tulisan sampah deanggep spam, mangkane nyong kadang nulise nganggo basa ngapak uga kadang nganggo basa indon.. Dadi sing tek jaluk rika ora kecewa anggone melbu lan maca tulisanku kiye.

25 Agustus 2010

Nggolet Beras Angel

Mbawon Pari Angel-angel di Lakoni

Giye nang desaku, nek jamane panen pari arep mbawon mesti rebutan. Masalaeh sing jenengane penggawean nang ndesa guwe angel banget. Nek wis tiba mangsan panen pari, berarti penggawean pirang-pirang. Penggawean sing ora kenal jenis pendidikan, sing penting rosa ya ulih akeh.

Saba Nggaleng

Aku wingi bar bali meng ndesa, giye malah nembe tekan mambengi, jan jane ya esih ngantuk wong mambengi nang sepur ora kebagian tempat duduk alias berdiri dadi susah turu. Senajana kaya guwe aku tetep mangkat kerja, wong mbok domaih nek ora mangkat. Sekang ndesa jajane saleh gedang karo pelem, tapi wis entek kadangan luh wong nggawane ora akeh sih.

Jebule nang jakarta sing seneng saleh gedang akeh luh. Buktine saleh sing tak gawa nang tempat kerjaku langsung entong, padahal aku nggole nggawa ana sejinah. tapi ketone sing masarna saleh nang jakarta esih langka, padahal giye peluang apik luh kanggo wong sing arep usaha, san nggawe ngenalna panganan tradisional ndesa. Tapi ya guwe, sing jengenge usaha rintisan nek ora kesel ya ora minthel.

Wong Jawa Nangdi-ndi Ana

Padune njawa ora mesthi manggone nang njawa. Wong njawa guwe nang ndi-ndi ana, nang pulau jawa ana, sumantra ana, sulawesi ana, pokoke nang kabeh propinsi nang Indonesia ndukun ana wong jawane

Pengaweane uga macem-macem, ana sing dadi tani, supir, kyai, maling, nganthi presidene be wong njawa. Hasil karyane ya pirang-pirang ana batik sing wis di akui nang UNESCO, ana wayang, tembangan ya ana kaya campursari, lengger lan lia-liane.

Jebule sing bisa gawe karya khas jawa guwe udu mukur wong njawa sing nang Indonesia thok. Nang luar negeri, nang daerah lor amerika ( amerika temenan kie udu umaeh rika) persise nang negara suriname ana masyarakat jawa sing kandahane karo basa jawa lan bisa gawe karya seni nganggo basa jawa.

Ora ngandel apa, gieh deleng dewek

Tips Ampuh Ngalem Wong Tuwa

Tips ampuh Ngalem wong tuwa renta. Postingan dina kie nyong nesih nganggo basa jawa, jawane logat ngapak pisanlah. Wingi sedurungu ya wis ulih ngarah ana limang judul sing tulisan nganggo basa jawa logat ngapak ya ana kaeh, gari detiliki bae postingan sedurunge.

Kembali ke judul, Tips ampuh Ngalem wong tuwa renta alias kaki-kaki atawa nini-nini. Dadi saewise rika kabeh rampung maca tulisan kie sing tek jaluk rika kuwe duwe jurus ampuh Ngalem maring wong tuwa sing wis kaki-kaki atawa nini-nini. 

Alamat Radio Onlen

Address "Online Radio". Sebenere inyong mau kie arep nulis nganggo basane wong landa, iya nganggo basa inggeris.. tapi malah ora dadi-dadi sing dadi malah nganggo logat ngapak maning.  Bukane inyong minder apa kepriwe nek nganggo basane wong landa, kan nek nganggo basane wong landa bisa  bisa mengko ana wong landa merek-merek mring ngeneh trus maca tulisanku, bukane minder tapi anu memang ora bisa nulis nganggo basane wong landa. haha.. Ya wis lah nek kaya kuwe, mendingan deterusna bae kueh guli nulis nganggo basa ngapake. Mbok ora apa-apa ? kayane tak ora papa buktine rika meneng bae kuweh, ora pada protes.

19 Agustus 2010

Wani Ngalah Luhur Wekasane

Jaman gemiyen, wong tuwa-tuwa cokan rengeng-rengeng (nembang Jawa), oniné kaya kiyé:

Dedalané guno lawan yekti,Kudu andap asor,Wani ngalah luhur wekasané,Tumungkulo yén dipun dukani,Bapang dén simpangi,Ana catur mungkur.

Laguné kepénak dirungokna. Apamaning goli rengeng-rengeng wektuné sore, suasané udan ngrecéh. Goli rengeng-rengeng karo ngemban putuné. Agi inyong esih cilik tah ora patia nggatekna isi utawa makna tembang mau kejaba suarané wong tuwa mau sing pancen kepenak derungokna.

Pulsaku Ngilang Dewek

Awan-awan bali sekan sawah aku njagong nang ngarep tivi. Begitu di setel, remote tek jekel nggo peranti ngganti-ngganti cenel. Di sambi nyruput kopi rasane jyan nyamleng banget, apa maning kae nang tivi metu ana iklan wong ayu-ayu sing agi pada nyanyi..

Ya jelas..
Otomatis aku penasaran, deneng sing nyanyi ayu-ayu temen yah? Lumayan nek nggo sewengian. Ndilalaeh nang kono ana tulisane sing nek ora salah monine kaya gie, "kang utawane mbakyu, nek arep lagu gie, monggo ketik *500***# "..

13 Agustus 2010

Kucinge Melu Puasa

Wulan romadon, wulan sing akeh ampunane wulan sing neng kono ana wengi sewu wengi.. wulan romadon kuwe dudu wulan biasa, wulan romadon uga wulan sing neng jerone kuwe Qur’ane wong-wong Islam detunrunaken neng bumi kiye.. dadi wulan romadon kuwe dudu wulan sembarangan,. Nek neng Qur’an ana ayat sing nyebutna bahwa wong sing taqwa kuwe wajib ngelakoni puasa neng jerone wulan romadon kiye, kurang lewieh artine kaya kiye "Wis dewajibna kanggone kowe-kowe kabeh puasa pada karo puasane wong-wong sing sedurungu kowe..."

Dela Maning Puasa

Kanca-kancaku kabeh, kie postingane nganggo logat ngapak.. sekali-kali lah nganggo bahasane dewek. Ibarate wong masa arep nganggo bahasa Indonesia terus, mbok keju lambene.. ngrusak neng ilat juga ora apik neng  abab..wuakaka Ya sekali-kali lah nganggo logat ngapak. Terserah arep nile apik ya kena, arep nile elek ya silakan saja. sing penting kowe-kowe kabeh pada seneng.huwa hua

12 Agustus 2010

Dari Ngapak Kanggo Jogja

Alhamdulillah dina kie nyong bisa posting alias nulis maning neng dunyane maya,hiks. dudu mayane dhani lho... ohya kang mba, nyong arep crita nek dina mau kuwe critane nyong tes mudik, iya mudik nganggo vespa.. vespa  sprint taun 71 an lah .. mudik sekang jogja maring umaeh nyong sing anyar.
 
Uput-uput tangi jam 5 lewih 10, subuhan terus tata-tata apa bae sing arep de gawa. Wah untune wingi vespane uwis de servis neng bengkel khusus vespa..sing jelas tarikane beda lah karo dina-dina biasane, segala tetek bengeke keluhan-keluhan kanggone vespa uwis tak sampekna kabeh maring bengkele. Nah dina siki kie tinggal tanggal maine anu kanggo mudik neng asal...Banyumas browww...

Niat Puasa Versi Jawa

“Saurrrrrrr !! sauuuuur … sing dereng saur  monggo  sauuur… sa’niki mpun jam sekawan kirang limolas” unen-unen corong  langgar sebelah. Wonge wis tua pipine peot untune entek gari gusine tok, tapi nek babagan unen-unen ning corong langgar  wah jan suarane mak teng .. melbu maring kuping tengen karo kuping kiwe, suarane melbu tekan utek diterusnya maring dada gutul tekan ati .. suarane cemeter ,, kie kaki-kaki tapi nesih cemeter mbuh gemiyen pas jaman enome pernah maem apa aku juga ora ngerti, jerene sing gemiyen pernah nginum  banyu pitung rupa ples pitung sumur. 

10 Agustus 2010

Pergeseran Budaya

Budaya tradisional sing kudune diuri-uri kalingane geseh juga nang kalangan senimane. Khususe nang bidang sing siki tek urusi, yakuwe seni lukis. Seniman siki lewih seneng gawe judul lukisane nganggo basa manca, padahal sing diangkat tema budaya tradisional. Contone bisa dideleng nangkene.

Mungkin sih maksude men keseniane dewek lewih cepet dikenal nang dunia internasional. Nek ora malah budayane dewek dadi menglobal sing akhire dadi angel menilai nek kuwe duweke dewek secara kebudayaan.

9 Agustus 2010

Kompor Gas Apa Pawon

kompor gas siki dadi perbincangan sing lagi rame neng indonesia,sekang awale taun 2007 tekan sprene .kue kebijaksanane pemerintah sekang minyak latung maring kompor gas, pertamane emang nggo ngiritna duit kas negara jarene pemerintah, terus pada dibagekna gratis nggo masarakat.

tapi siki-siki malah dadi ngresahna masyarakat indonesia kususe wong cilacap lan sekitare,kompor gase pada mbledug, gas sing telungkilo mulai mangan korban wis akeh, ana sing slamet, ana sing mati, umaeh pada rubuh gara-gara gas kue, iya kompor gase sih gratis tapi kualitase ora apik nggramet, malah dibayar karo nyawa, jan-jan pemerintaeh nggolet bati bae,ora gelem rugi,

Totoan Makan Tuan

Cerita ini adalah kenyataan yg difiktifkan. Jika ada kemiripan nama, tempat, maupun kejadian,itu adalah faktor kesengajaan. XixixixixXx...

Sodik, bujang umur wolulas taun sing umaeh nang Pesanggrahan, kecamatan Kroya. Mbuh amarga sok pinter apa dasare gemagus nyong ra reti, Sodik ora gelem sekolah nang sekolahan swasta kayata STM Tam-tama utawa STM Ma'arif sing pérek lokasine. Ulih sekolah ngojari nang STM Negri Cilacap sing lewih kota.

Aja Gawe Kisruh

Golet sandang pangan nggo nyukupi kebutuhan pancen angel banget. Ana sing pada kerja panasan macul nang sawah, mbawon, tandur, ndaut lan werna-werna liyane. Semono uga kaya aku sing glarangan golet pangan ngasi tekan malaysia, ya trima dadi TKI asal halal tur berkah (amin...)

Nang kene (malaysia) jumlah TKI jan kemerab kaya gragal lanang,wadon,tua, nom,wong jawa, wong madura,wong sumatra, wong sulawesi, wong flores, wong kalimantan, wong sikampuh lan liyane kabeh ana pokoke jan pepek njumpek. Nek sedulur kabeh urung tau maring ngeneh aja kaget nek mlaku koh kepaduk wong sekang indonesia soale jan akeh banget...he...he...

5 Agustus 2010

Kanggo Sang Naga

Gedemu mung crita
Kaya awu kesapu banyu
Diemut sedawane masa
Ora nana sing weruh rupamu

Krasa disengit mesti ana
Nanging asihmu ra mikirna

Ramaku Inspirasiku

kiye crita aku karo ramaku...., mbokan ana gunane.!!!! he2

Inyonge : " pak aku bosen karo uripku "
Ramaku : lah... nangapa bosen ?janeh kowe ngerti "bosen" kuwe anu apa..?

"BOSEN" kuwe keadaan nangendi pikiranmu pengin perubahan kang rutinitas urip sing ajeg2 baen.

Inyonge : nangapa aku bosen pak..????
Ramaku : sebab kowe ra tau puas karo sing kowe duweni.
Inyonge : priben carane ben ora bosen pak...??? aja meneng baen pak..!!! hikzz.., ramaku mandan kumek kayaneluh d takoni baen..!!!ramaku bingung, mbatine kiye bocah siji koh ora mudeng2 baen.. pa anu goblog temenan apa agi ngetes ramane..!!!

2 Agustus 2010

Kawunganten Brotherhood


Ngode nang korea angger ana dina preian acarane ya ngumpul karo kanca2.., apa maning angger kumpul2 karo kanca sekampungg..,, wesss gurih poll.., ngobrole laka rampungee..,,!! pokoke asik lahhh.

lah kiye kanca batire inyong sing pada2 sekang kawunganten.!!

Mila

Mila si jago ngebut terpaksa ngadu alon-alon goli numpak motor, ora merga wedi di tangkep polisi tapi dalan kue mlebu neng komplek perumahan, biasane wayah sore akeh bocah pada mlaku-mlaku. wadi mbok nabrak kepaksane goli numpak motor alon-alon. Pas arep menggok, Mila weruh bocah lanang sing kaya-kayane pernah di kenal.

   ''Milaaaaaaa''  bocah lanange nyeluk
Krungu ana sing nyeluk,ahire Mila mandegna motor.
   ''Hei.. kou Mila yah..?''
   ''Iya... iya...'' Mila njawabe, karo ngeling-ngeling sapa bocah lanang kue.
   ''njenengan mas Adi....?'' Karo takon, Mila ngajak salaman.
   ''Iya,aku Adi, prime kabare Mil, sue yah dewek ora ketemu, telung taunan, tapi jiaan, koe mah tambah ayu.''

Begalan

Begalan, asli kesenian tradisional Banyumasan. Biasane begalan anane neng nggone wong sing due gawe. Mantu utawa Mbesan anak sing nomer siji. Nek menurut ceritane bapane inyong, begalan kue nggo mbuang sebel puyenge wong sing tembe bae mbesan sepisan. Sing arane begalan kudu ana neng prosesi pengantenan.

Awal mulane begalan di pentasena seurunge proses akad nikah. Terus, tambah maju maring ngeneh dadi geser seuwise prosesi akad nikah pas jejer manten serunge midak ndog pas pasangan penganten kue mau arep mlebu tatag rambat singgasanane Raja karo Ratu sedina.

Sega king Kintalan

Pesanggrahan 29 juli 2010, minggu kiye pemandangan nang desa pesanggrahan kec. Kroya, kab. Cilacap keton sejen, saben umah warga desana ana pepean, pepean mau udu pepean pari utawa gabah, tapi saben umah ngepe sega lewihan, utawa sega king.

1 Agustus 2010

Dasar Penipu

Neng zaman semeno: ganu
Jerene koe seneng karo aku
Kaya-kayaha kali karo watu
Ora bakal pisah dening wektu
Nganti pacaran nyeluke ibu
Seben detik ngomonge rindu
Tapi dasar kakehen lagu...
Omonge kosong,janjine palsu..
Di lirik cewek langsung mburu..
Kenalane nembe seminggu
Langsung nglamar dadi mantu..
Eh,dasar lanang kepengin tek tinju
Sing tak enteni omongan rindu
Jebulane njaluk donga restu..
Jan-jane apa karepmu..?
Pengen mbojo loro karo aku..?
Ngeneh teka bakal tak tunggu
Wis perek, Tak srampang karo alu..

Duit Benggol

Nang ndusun daerah Cilacap ana uwong sing saking ora nduwene, isine amben ndina bingung tok. Wong gue ndresula "Duh, mumet temen yah. Kaya gie kerja ora payu, golet duit angel, biyunge bocah reang bae si tepleng njaluk jajan terus maning. Hulah jyan jyan. Nyong sih kon kepriwe nek kaya gie terus, apa embane jaman wis merdeka kon nganti mati kencoten.."

Nah mungkin anu wis saking mumete, akhire dari pada suntuk wong gue mlaku-mlaku. Geh sedulur, men nggone cerita kepenak wong gue di jenengi Somad bae lah ya :) hahaha lanjut..

Ngomong Apa Anane

Terserah apa jere wong gole ngomong lah. Aku emang kadang ngomong apa anane,. jere wong mbanyumas "blakasutha". Lha angger jere wong wetan kaya Jogja, Solo, lan jawa sisi wetan jere basane inyong anu ngapak. Lha kuwe sih kasunyatan. Pokoke angger bahasane sa-Karsidenan banyumas ya ngapak. Lha sa-Karsidenan tuli anu ana pirang-pirang Kabupaten. Ora mung Banyumas thok. Ana Cilacap, Purbalingga karo Banjarnegara.

Angger wong mbanyumas mesthi ngerti sing jenenge Lawakane Peang Penjol sing angger ngomong apa anane. Janji ceplos aku gole ngarani. Tapi wong jenenge be anu lawakan utawa guyonan ya wong ora pada jengkel. Pada karo aku.

Ndeleng Sanset

Kiye ceritane ana bocah 2(loro) sing wis batiran suwe. Sing sijine jenenge Kartim bocah asli Somakaton, Somagede, Banyumas. Nah sing sijine maning jenenge Ngadiman bocah kang Danasri, Cilacap. Ceritane, bocah loro kuwe batiran wis suwe neng perantauan. Pokoke wis kaya pasangan sejati lah,...

Kadingaren banget pas sore-sore bali kerja si Ngadiman cerita-cerita tentang "sanset" utawa sing biasa di arani suruping srengenge.

Konyol Njaran

Selasa tgl 26 juli, mangkat sekang umah arep lunga ngode, biasa nunggang montor, wong wektune ketone arep udan dadine mangkate mandan ngebut, wis enggal setengah dalan, anggur-anggur pupune nyong koh rasane mandan perih, tek jorna bae wong ujarku paling lecet ke gesrek kathok jin, tapi mbareng dirasa-rasa koh sue-sue tambah perih bae, terus tek usap sikilku, jebule kathoku blabur, teles, udu teles banyu tapi jebule teles bensin, jebule tengki bensinku bocor banter banget, aku bingung, dalane nang ndesa, pas agi manjat duwur banget maning, aku mikir, nek aku nerusna mangkat ngode aku ora bkalan tekan wong bensine bocor banter pisan, sidane aku bali ngumah niate arep njaluk ijolan montor disit karo ramane.

Bedane Bocah Siki

Jaman gemiyen sing jenenge tontonan kue kaya barang sing aneh banget, mergane jaman semono tesih langka sing jenenge tontonan, nonton pilem bae ora nibani sewulan sepisan, ndadak ngenteni ana wong mbarang gawe sing nanggap layar tancep utawa vidio, paling beja-bejane nonton tipi ireng putih sing acarane paling rame kethoprak, kayane sebab ora ana tontonan sing werna-werna kue dadine bocah jaman gemiyan tingkah polaeh dadi ora werna-werna.